Kain banjur tutur marang Abel adhine: “Payo padha menyang ara-ara kana.” Nanging bareng tekan ing ara-ara, Kain banjur ngepruk Abel adhine sarta dipateni.
Rungokna pangandika iki, he para turune Yakub, kang ngarani awakira dhewe nganggo jeneng Israel lan kang padha dadi turune Yehuda, kang sumpah demi asmane Pengeran Yehuwah tuwin ngandhemi Gusti Allahe Israel – nanging ora kalawan temenan lan tulusing ati –
Lah Israel lan Yehuda ora ditinggal dadi randha dening Sang Yehuwah, Gusti Allahe kang sarwa dumadi, amarga nagarane wong Kasdim iku wis kebak kaluputan ana ing ngarsane Kang Mahasuci, Gusti Allahe Israel.
Kaya sendhang kang ngluberake banyune, iya mangkono Yerusalem anggone ngwetokake durakane. Ambeksiya lan panganiaya tansah keprungu ana ing kono, tatu lan gebugan tansah Sunpirsani.
Sira wus padha mluku kadurakan, kaculikan kang sira undhuh, sarta sira wus padha mangan wohing doracara, marga sira wus padha ngendelake ratanira, apadene kehing prawiranira.
Padha umuk-umukan, padha nglairake sumpah palsu, padha gawe prajanjian, temahan paukuman thukul kaya wit upas ana ing singkalan-singkalaning pategalan.
Pakumpulane para imam iku kaya grombolan begal kang ngadhang memangsan, padha memateni ana ing dalan kang anjog ing Sikhem, sanyatane, tindak kang nistha kang dilakoni.
samangsa Ingsun marasake Israel, nuli kelair dosane Efraim, lan pialane Samaria; dene wus padha tumindak ngapusi, maling lumebu kalawan ngrusak omah, grombolan kang ana ing njaba padha mbegal.
Kabeh padha laku jina, kayadene pawon kang murub terus, nalika tukange roti leren nggedhekake geni, sarta nalika ngulet jladrene nganti mumpluk dening ragi.
He, para panggedhene bani Yakub lan para pemimpine turune Israel, padha ngrungokna! He, sira kang padha ewa marang kaadilan sarta kang nbengkokake samubarang kang lenceng,
Ingsun mangsa kasupena marang raja-brana kang saka kadursilan ing omahe wong duraka, lan marang takeran efa kang cidra sarta kang kena ing ipat-ipat iku!
Wong mursid wus sirna saka ing nagara, lan ing antarane para manungsa wus ora ana kang jujur, kabeh padha ngincer getih, siji lan sijine padha genten ngarah nyekel srana kalajiret.
Tumuli aku dipangandikani maneh, mangkene: “Iku sumpah wewelak kang nempuh ing sawratane nagara kabeh; sabab miturut surasane sumpah wewelak iku, saben maling ana ing kene isih luput ing paukuman, mangkono uga saben wong kang nglairake sumpah palsu iya isih luput ing paukuman.
“Pangandikane Sang Yehuwah Gustine sarwa dumadi mangkene: Anggonira nindakake pangadilan kang jejeg, sarta padha nandukna katresnan lan kawelasan marang wong siji lan sijine.
supaya kowe padha katempuhna wutahing getihe wong kang ora salah wiwit saka Abil wong kang mursid iku, nganti tekan Zakharia anake Berekhya, kang kokpateni ana ing antarane papan suci lan misbyah.
Nabi-nabi punika pundi ingkang boten dipun kaniaya dening leluhur sampeyan. Malah sami mejahi tiyang-tiyang ingkang langkung rumiyin memeca bab rawuhipun Sang Sunyata, ingkang sapunika sampun sampeyan cidra lan sampeyan sedani.
Sira aja nyebut marang asmane Pangeran Yehuwah Allahira kalawan sawiyah-wiyah, awitdene Sang Yehuwah mesthi mastani luput saben wong kang nyebut asmane kalawan sawiyah-wiyah.
Malah wong-wong Yahudi mau wus nyedani Gusti Yesus lan para nabi apadene wus nganiaya marang aku kabeh. Apa kang dadi keparenging Allah ora padha dipreduli sarta kabeh wong padha dimungsuh,