Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




HOSEA 4:1 - Kitab Sutji

1 He wong Israel, padha ngrungokna pangandikane Pangeran Yehuwah, awit Sang Yehuwah kagungan prakara karo wong isine nagara kene, marga ora ana kasetyan lan ora ana katresnan marang Allah, sarta ora ana kang wanuh marang Gusti Allah ing nagara kene.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




HOSEA 4:1
44 Iomraidhean Croise  

Unjuke Nabi Mikha: “Awit saking punika panjenengan dalem mugi karsaa miyarsakaken pangandikanipun Sang Yehuwah, kawula sumerep Pangeran Yehuwah saweg lenggah ing dhamparipun lan sadaya wadya-bala swarga sami ngadeg ing sacelakipun, ing sisih tengenipun saha ing sisih kiwanipun.


He para umatingSun padha ngrungokna, Ingsun arsa paring pepenget marang sira; he Israel, manawa sira gelem ngrungokake marang dhawuhingSun.


Rungokna pangandikane Sang Yehuwah, he para panggedhene Sodom! Gatekna piwulange Allah kita, he rakyat Gomora!


Ayo, kita padha prakaran! – mangkono pangandikane Sang Yehuwah – Sanadyan dosanira abang kaya gluga, bakal dadi putih kaya salju; sanadyan rupane abang kaya jarit sumba bakal padha dadi putih kaya wulu wedhus gembel.


Mulane rungokna pangandikane Sang Yehuwah, he para wong kang padha seneng nenacad, he para wong kang mrentah rakyat kang ana ing Yerusalem iki!


He para bangsa, padha nyedhaka lan ngrungokna, lan padha nggatekna, he para suku bangsa! Bumi dalah saisine kabeh prayoga padha krungu, uga jagad lan kabeh kang tuwuh saka ing kono.


Awit Pangeran Yehuwah ndhatengake dina tumibaning piwales lan taun anggone ndhawahake paukuman marga saka prakarane Sion.


Mulane saiki, he pendhudhuk Yerusalem, lan para wong Yehuda, padha ngadilana prakaraningSun kalawan pakebonaningSun anggur iku.


Ora ana kang nggugat kanthi alasan kang bener, lan ora ana kang ngadili kanthi alasan kang kuwat; kang diandelake barang kang tanpa guna lan goroh kang diucapake, kang dikandhut kasangsaran dene kang dilairake tindak ambek siya.


Padha ora sumurup marang dalaning karukunan, tuwin ing sajroning tindak-tanduke ora ana kaadilan; padha milih dalan-dalan kang menggok, lan saben wong kang lumaku ing kono ora wanuh marang katentreman.


Ngrungokna pangandikaning Sang Yehuwah, kowe kang padha gumeter marga saka pangandikane! Para sadulurira, kang padha sengit marang sira, kang padha nyebratake sira, awit sira padha ngajeni asmaningSun, iku wus padha celathu: “Pangeran Yehuwah kareben ngatingalake kamulyane, supaya aku padha nyumurupi kabungahanmu!” Nanging wong iku dhewe kang padha kawirangan.


Amarga Ingsun wus mawanti-wanti ngelingake marang para leluhurira, nalika padha Sunluwari saka ing tanah Mesir, tumeka saprene Ingsun tansah ngelingake: Rungokna dhawuhingSun!


Kandhakna mengkene: Dhuh, para ratu ing Yehuda lan para tiyang ing Yerusalem! Makaten pangandikanipun Sang Yehuwah, Gustining kang sarwa dumados, Gusti Allahipun Israel: Lah Ingsun bakal ndhatengake bilai ing panggonan kene, nganti wong kang krungu bakal sumruweng kupinge!


He tedhak turune Yakub, rungokna pangandikane Sang Yehuwah, he sakehe kulawargane tedhak turune Israel.


Mulane Ingsun bakal prakaran maneh kalawan sira kabeh, lan karo anak putunira Ingsun bakal prakaran, mangkono pangandikane Sang Yehuwah.


Gumuruhing perang bakal tumeka ing poncoting bumi, amarga Sang Yehuwah kagungan prakara karo para bangsa; Panjenengane karsa prakaran karo sakehing para titah; wong duraka bakal padha diulungake marang pedhang. Mangkono pangandikane Sang Yehuwah.


Ewadene sanadyan makaten, kawula aturi miyarsakaken pangandikanipun Sang Yehuwah, dhuh Sang Prabu Zedhekia, ratu ing Yehuda, amargi makaten pangandikanipun Sang Yehuwah tumrap panjenengan dalem: Sira ora bakal mati dening pedhang!


“UmatingSun iku nyata-nyata bodho, padha ora wanuh marang Ingsun. Bocah-bocah kang goblog, lan ora ngreti apa-apa, pintere yen nindakake piala, nanging panggawe becik ora dimangreteni.”


Marga saka bab iki bumi bakal nandhang susah, lan langit ing dhuwur bakal dadi peteng amarga Ingsun wus ngandika lan wus ngrancang bab iku, Ingsun ora bakal keduwung lan ora bakal murungake iku.”


Aku banjur nggagas: “Iku kabeh mung wong cilik, iku wong-wong bodho, awit padha ora ngreti marang margining Sang Yehuwah, angger-anggere Gusti Allahe.


Lah Israel lan Yehuda ora ditinggal dadi randha dening Sang Yehuwah, Gusti Allahe kang sarwa dumadi, amarga nagarane wong Kasdim iku wis kebak kaluputan ana ing ngarsane Kang Mahasuci, Gusti Allahe Israel.


Lah, wiwit saka kang cilik nganti tumeka kang gedhe, panunggalane wong-wong iku, kabeh padha ngudi oleh bathi, dadia nabi dadia imam kabeh padha ngapusi.


Mulane padha tuturana mangkene: Iki bangsa kang emoh ngrungokake swaraning Sang Yehuwah, Gusti Allahe lan emoh nampani pamerdi! Kaburusane wus sirna, wus oncat saka ing cangkeme.”


He para wong wadon, rungokna pangandikane Sang Yehuwah, padha nilingna dhawuhing lesane; anak-anakmu wadon padha wulangen tangisan lan sadhengah wong wadon mulangna kidung pasambat marang kancane:


Iku padha menthang ilate kaya gandhewa piala lan dudu kabeneran, kang misesani nagara. Sanyata, kebacut-bacut anggone padha nglakoni piala, nanging padha ora wanuh marang Sang Yehuwah.


Mulane mangkene pangandikane Sang Yehuwah, Gustining kang sarwa dumadi: “Lah Ingsun karsa nglebur lan neter bangsa iki, jer apa maneh ta kang bisa Suntandukake tumrap anake wadon umatingSun?


Mulane, he wong wadon tunasusila, rungokna pangandikane Pangeran Yehuwah!


Efraim iku njaga angin, lan mburu angin wetan sedina muput, ngakehake tindak cidra lan panganiaya, padha gawe prajanjian karo Asyur, lan nggawa lenga menyang ing tanah Mesir.


Pangeran Yehuwah bebantahan karo Yehuda, lan bakal ngukum Yakub miturut polah-tingkahe, sarta bakal males kang murwat karo tindak-tanduke.


He, para imam, padha ngrungokna, he, umat Israel, padha nggatekna, he, para kulawarganing ratu, nilingna kupingira, awitdene paukuman iku tumuju marang sira, marga sira wus dadi kala-jiret tumrap Mizpa, lan dadi jaring kang kajereng ana ing gunung Tabor,


Pratingkah-pratingkahe ora ngolehake wong-wong mau padha mratobat marang Allahe, marga padha kadunungan rohing laku jina, sarta ora padha wanuh marang Pangeran Yehuwah.


He, para tuwa-tuwa, padha ngrungokna, he, para wong isine nagara, padha nilingna! Sajegmu urip utawa ing jamane para leluhurmu apa tau ana lelakon kang kaya mangkene iki?


He wong Israel, padha ngrungokna pangandika kang kadhawuhake dening Pangeran Yehuwah tumrap sira, iya tumrap bangsa sakabehe kang wus Sunentasake saka ing tanah Mesir, mangkene pangandikane:


Anadene saiki kowe ngrungokna pangandikane Sang Yehuwah! Pangucapmu: Kowe aja medhar wangsit nglawan Israel, lan aja ngucapake tetembungan nglawan marang turune Iskak.


He gunung-gunung, rungokna tan-trimahe Sang Yehuwah, lan padha ngrungokna, he, dhasar-dhasaring bumi! Marga Pangeran Yehuwah tan-trimah ing ngatase umate, sarta prakawisan karo Israel.


Mangka kowe padha ora wanuh marang Panjenengane, nanging Aku kang wanuh. Saupama Aku munia yen ora wanuh, Aku dadi wong goroh padha kaya kowe. Nanging Aku wanuh marang Panjenengane, sarta netepi ing pangandikane.


Dadi sarehne rumangsane ora prelu ngakoni Gusti Allah, mulane Gusti Allah iya ngulungake wong-wong mau marang pangangen-angen kang nistha, temahan padha nindakake patrap kang ora patut,


Padha dieling maneh kang temenan lan aja gawe dosa maneh! Sabab ing antaramu ana kang ora wanuh marang Gusti Allah. Bab iki daktuturake, supaya kowe padha rumangsa isin.


Sing sapa duwe kuping, ngrungokna apa kang dadi pangandikane Sang Roh marang pasamuwan-pasamuwan: Sing sapa unggul, iku bakal ora nandhang susah ana ing pati kang kapindho.”


Sapa sing duwe kuping, ngrungokna apa kang dadi pangandikane Sang Roh marang pasamuwan-pasamuwan.”


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan