HOSEA 3:4 - Kitab Sutji4 Sabab wong Israel nganti suwe padha dedunung tanpa raja, tanpa pemimpin, tanpa kurban sembelehan, tanpa ngadegake tugu brahala, tanpa efod lan tanpa terafim. Faic an caibideil |
Para prewangan lan para juru petungan, uga terafim, brahala-brahala lan sakehe dewaning kanisthan kang tinemu ana ing tanah Yudea lan ing Yerusalem, padha kasirnakake dening Sang Prabu Yosia, supaya bisa netepi pangandikaning Toret kang katulis ana ing kitab kang wus katemokake dening Imam Agung Hilkia ana ing padalemaning Sang Yehuwah.
banjur seba marang ing ngarsane Sang Prabu Asa sarta munjuk marang panjenengane: “Kawula aturi miyarsakaken dhumateng kawula, dhuh Sang Prabu Asa tuwin Yehuda saha Benyamin sadaya! Pangeran Yehuwah badhe nganthi dhumateng paduka sadaya uger paduka sami ndherek ing Panjenenganipun. Manawi paduka sami ngupadosi Panjenenganipun, Panjenenganipun rena, samangsa paduka sowani. Nanging manawi paduka sami nyingkur dhateng Panjenenganipun, badhe tinilar ing Panjenenganipun.
Ratu mau bakal damel aboting prajanjian iku tumraping wong akeh lawase pitung mangsa. Ing tengah-tengahing pitung mangsa iku panjenengane bakal nguwisi kurban sembelehan lan kurban dhaharan; juru pangrusak banjur bakal teka kalawan swiwining kanisthan, nganti karusakan kang wus katetepake tumempuh marang kang ngrusak mau.”
Amargi pambalila punika sami kaliyan dosanipun patenungan lan pandlarung punika sami kaliyan nyembah brahala lan terafim. Sarehne panjenengan dalem sampun nampik dhateng pangandikanipun Sang Yehuwah, mila Sang Yehuwah inggih nampik panjenengan dalem, badhe kalungsur anggen panjenengan dalem dados ratu.”
Ature imam mau: “Pedhangipun Goliat tiyang Filisti ingkang panjenengan pejahi wonten ing Lebak Wit-Ela punika ingkang wonten ing ngriki, kaluruban ing sinjang, ing sawingkingipun efod punika. Manawi badhe panjenengan asta, mangga kula aturi mundhut; sanesipun boten wonten, namung punika.” Pangandikane Sang Dawud: “Boten wonten ingkang nyameni punika, pundi panjenengan paringaken dhateng kula.”