Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




HOSEA 3:2 - Kitab Sutji

2 Wong wadon iku banjur daktuku, regane limalas sekel salaka sarta sair karotengah homer.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




HOSEA 3:2
9 Iomraidhean Croise  

Ngantos kalih dasa taun anggen kula ngenger, ingkang sekawan welas taun anggen kula ngengeri putra panjenengan estri kekalih, ingkang nem taun supados angsal berahan raja-kaya, mangka berahan kula tansah panjenengan ewah-ewahi ngantos rambah kaping sadasa.


Sanadyan panjenengan ngarsakaken arta tumbasan lan arta sasrahan pinten kemawon kathahipun, badhe kula caosi manut sapamundhut panjenengan, namung larenipun estri mugi panjenengan paringaken dadosa semah kula.”


Yen bapakne bocah wadon mau babar pisan ora nglilani anake diepek, iya meksa kudu mbayar salaka samurwate, minangka patukoning prawan.”


Sabab pakebonan anggur kang ambane padha karo wlukon sapuluh dina pametune anggur mung sa-bat; tuwin winih sa-homer pametune gandum mung sa-efa.”


Wus sapantese manawa efa lan bat iku takerane padha, dadi sa-bat isine saprasapuluh homer lan sa-efa uga saprasapuluh homer. Dadi takeran-takeran iku ngenut homer.


Iku nuli dakkandhani mangkene: “Kowe kudu manggon tetunggalan karo aku nganti suwe lan aja laku bedhang sarta aja kadarbe ing wong lanang liya; aku iya ora bakal ngewori turu kowe.”


Manawa ana wong kang nyengker saperangane palemahane sumaos marang Pangeran Yehuwah, iku pangajine kudu cundhuk karo wiji kang disebar, yaiku: wiji sair sagomer kang disebar direganana seket sekel salaka.


makaten ugi Rut tiyang Moab, randhanipun Makhlon punika inggih kula pendhet dados semah kula, supados nggesangna malih namanipun ingkang sampun tilar tumrap ing siti pusakanipun. Kalayan makaten namanipun tiyang punika boten sirna saking gelenganing kulawangsanipun saha saking warga kithanipun. Panjenengan sami dadosa seksi ing dinten punika.”


Sang Prabu nuli ngandika maneh: “Tutura marang Dawud mangkene: Sang Prabu boten mundhut tumbasan, kajawi namung ikutipun tiyang Filisti satus minangka pamalesipun Sang Prabu dhateng mengsahipun.” Karsane Sang Prabu Saul tiwase Dawud lumantar wong Filisti.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan