Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




HOSEA 3:1 - Kitab Sutji

1 Pangeran Yehuwah ngandika marang aku: “Sira lungaa maneh lan nresnanana sawijining wong wadon, kang seneng dadi sundel lan laku jina, kayadene Sang Yehuwah uga tresna marang para wong Israel, sanadyan iku padha mungkur marani allah liya-liyane lan karem emplek-emplek kismis.”

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




HOSEA 3:1
34 Iomraidhean Croise  

Tumuli wong sabangsa kabeh lan wong sagolongane Israel kabeh, lananga wadona, siji-sijine padha diedumi roti bunder siji, daging sairis, lan panganan kismis saemplek. Sabubare iku wong sabangsa kabeh padha mulih menyang ing omahe sowang-sowangan.


Nanging Pangeran Yehuwah welas lan ngeman marang Israel, mulane banjur karsa ngudaneni, marga saka ngengeti prasetyane marang Rama Abraham, Rama Iskak lan Rama Yakub, ora karsa ndadosake tumpese lan durung karsa mbucal ing wektu iku saka ing ngarsane.


Nuli saben wong Israel, lanang utawa wadon, diparingi roti siji, daging sairis lan kuwih kismis saemplek.


Ewasamanten awit saking agengipun sihpalimirma Paduka inggih boten Paduka tumpes tapis, lan boten Paduka tegakaken, amargi Paduka punika Gusti Allah ingkang mahaasih lan mahamirah.


Inggih kados mripating abdi jaler anggenipun mulat dhateng astaning bendaranipun, utawi kados mripatipun abdi estri anggenipun mulat dhateng astaning bendaranipun putri, inggih makaten mripat kawula sadaya, anggenipun sami mulat dhumateng Yehuwah Allah kita, ngantos rinentahan ing sih-piwelasipun.


Esuke tumuli padha tangi sarta nyajekake kurban obaran lan kurban slametan, sawuse mangkono wong mau banjur padha mangan lan ngombe, nuli ngadeg sarta asumyak-sumyak.


Bok aku kinuwatna srana panganan kismis, sinegerna kalawan woh apel.


Padha sowana marang ing ngarsaningSun supaya sira padha kaparingan slamet, he poncot-poncoting bumi! Sabab iya Ingsun iki Allah lan ora ana liyane.


Nanging sajatine sira padha ora setya marang Ingsun kaya wong wadon kang ora setya marang rowange, mangkono uga sira padha ora setya marang Ingsun, he turune Israel, – mangkono pangandikane Sang Yehuwah. –


Apa Efraim iku dudu putraningSun kang kinasih utawa bocah klangenaningSun? Sabab samangsa Sunwelehake, Ingsun tansah kengetan marang dheweke, marga saka iku panggalihingSun trenyuh, ora kena ora Ingsun mesthi bakal paring piwelas. Mangkono pangandikane Sang Yehuwah.


He Efraim, mangsa Ingsun ngetogake marang sira, ngulungake sira, he Israel! Mangsa Ingsun ngetogake sira kaya Adma, ndadekake sira kaya Zeboim! PanggalihingSun dadi pulih, sih-piwelasingSun kagugah babar pisan.


Mulane lah dalane bakal Sunpasangi sangkrah eri, sarta wong iku bakal Sunpageri tembok mubeng, satemah ora bisa nemu dalan-dalane.


Pikirane kadadekake buntet, dening anggur lan duduhe woh anggur.


Ing dina pahargyane ratu kita, padha gawe larane para panggedhe kalawan sumuking anggur; ratu iku sekuthon karo wong kang ambek memoyok.


sandhangan kang digadhe padha digawe lemek turon sandhing saben misbyah, lan padha ngombe anggure wong kang padha kadhendha ana ing padalemaning Allahe.


kang ngombe anggur ing bokor, lan njebadi awak kalawan lenga kang adi dhewe, nanging ora mreduli bab rusaking bani Yusuf.


Nanging aku bakal ngarep-arep marang Pangeran Yehuwah, nganti-anti marang Gusti Allah kang paring karahayon marang aku, Allahku mesthi bakal nyembadani aku!


mulane Pangeran Yehuwah ngandika mangkene: Ingsun wangsul maneh marang Yerusalem kalawan sih-kadarman. PadalemaningSun bakal kabangun maneh ana ing kana, – mangkono dhawuhe Pangeran Yehuwah Gustine sarwa dumadi, – sarta tali ukuran bakal kapenthang maneh ing sadhuwure Yerusalem.


Nanging Gusti Yesus ngandika: “Heh, kanca, iku ta prelumu teka?” Wong-wong mau banjur padha maju lan nyekel Gusti Yesus.


Ora bisa kowe padha ngombe ing tuwunge Gusti lan iya saka ing tuwunge para roh reged. Ora bisa kowe padha tampa panduman ing mejane Gusti lan iya ing mejane para roh reged.


lan kita aja nganti padha dadi wong nyembah brahala kaya sawenehing panunggalane, kaya kang katulisan, wiraose: “Wong akeh iku padha lelungguhan, mangan lan ngombe; banjur padha ngadeg lan seneng-seneng.”


Jalaran wus cukup suwene anggonmu nindakake kekarepane wong kang ora wanuh ing Allah. Kowe wis padha nuruti ubaling hawa-nepsu warna-warna, pepenginan, mendem, jibar-jibur, sarta nyembah brahala kang ora kaparengake.


Banjur padha nyingkirake allah-allah liyane saka ing tengahe sarta padha ngabekti marang Sang Yehuwah. Sang Yehuwah ora bisa menggak penggalihe mirsani kasangsarane wong-wong mau.


Nuli padha metu menyang ing pategalan, ngundhuhi lan mipit wohing pakebonane anggur, banjur padha nganakake pahargyan lumebu ing kabuyutane allahe, padha mangan lan ngombe sarta ngipat-ipati Sang Abimelekh.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan