Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




HOSEA 2:3 - Kitab Sutji

3 Anadene anak-anake padha ora Sunwelasi, awitdene iku padha anak sundel.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




HOSEA 2:3
27 Iomraidhean Croise  

Nanging sarehne wong-wong padha ngorong, mulane padha nggrundeli marang Nabi Musa, ature: “Kenging punapa kula sami panjenengan angkataken medal saking Mesir, njalari kula, anak-anak lan kewan kula sami pejah kasatan?”


Nagara susah lan aclum; Libanon kisinan lan ambruk mati; Saron wus kaya ara-ara, Basan lan Karmel padha brindhil.


Kareben wewadinira katon ngeblak lan cikben kanisthanira katon! Ingsun bakal ndhawahake piwales lan ora bakal ngeman wong siji-sijia,


Kitha-kitha Paduka ingkang suci sampun sami dados ara-ara samun, Sion sampun dados pasamunan, Yerusalem sepi mamring.


Akeh pangon kang wus padha ngrusak kebon angguringSun, ngicak-icak palemahan kang Sunremeni didadekake ara-ara kang sepi samun.


Lan samangsa ana pitakon kang tuwuh ana ing atimu: “Yagene aku kataman kang kaya mangkene iki kabeh?” Amarga saka gedhening durakamu, mulane poncoting tapihmu dibiyak lan kowe dirodapeksa!


Dene Ingsun uga bakal nyilakake poncoting tapihira nganti tekan rainira, temah katon kawiranganira.


Para panggedhene padha utusan abdi-abdine golek banyu, padha tekan ing sumur-sumur, nanging ora oleh banyu, satemah padha bali kalawan kendhi-kendhi kang isih kothong. Padha isin, polatane kucem, temah sirahe dikudhungi.


Dheweke bakal kaya rerungkudan brindhil ing ara-ara samun, ora bakal ngrasakake tekaning kaanan kang becik; bakal manggon ing tanah garing ing pasamunan, ing tanah asin kang suwung.


Sira iku tedhak turune sapa? Gatekna dhawuh pangandikane Sang Yehuwah! Apa Ingsun wus dadi ara-ara samun tumrap Israel utawa tanah kang peteng ndhedhet? Yagene umatingSun kok ngucap: Kawula sampun mardika, kawula sami boten purun sowan malih dhateng ing ngarsa Paduka?


Sarta kok padha ora takon maneh: Ana ing ngendi Sang Yehuwah, kang ngirid kita metu saka ing tanah Mesir; kang nganthi kita ana ing ara-ara samun, ing tanah kang cengkar lan legak-legok, ing tanah kang luwih dening garing lan peteng, ing tanah kang ora diambah ing wong lan ora didunungi ing manungsa?


Amargi makaten pangandikanipun Sang Yehuwah ing ngatasipun brayatipun Sang Nata ing Yehuda: Sira Sunanggep kaya Gilead, lan kaya pucake gunung Libanon! Nanging Ingsun mesthi bakal ndadekake sira dadi ara-ara samun, dadi kutha kang suwung.


Lah aku ndeleng tanah kang maune subur jebul wus dadi pasamunan, lan sakehing kuthane wus padha jugrug ana ing ngarsane Sang Yehuwah, marga saka bebendune kang mulad-mulad!


Kutha-kuthane wus dadi tanah ludhes, tanah mati lan ara-ara samun, kang ora didunungi manungsa lan ora diambah ing wong siji-sijia.


Lah Israel lan Yehuda ora ditinggal dadi randha dening Sang Yehuwah, Gusti Allahe kang sarwa dumadi, amarga nagarane wong Kasdim iku wis kebak kaluputan ana ing ngarsane Kang Mahasuci, Gusti Allahe Israel.


Ing sajrone sakehing panggawenira kang asor lan nistha iku sira ora kelingan maneh marang nalika enomira, nalika sira isih wuda mblejed lan kroncalan kalawan kuthah getihira.


Lah saikine wit mau banjur katandur ing ara-ara samun, ing lemah kang garing lan kekurangan banyu banget.


Sanadyan dheweke thukul subur ana ing satengahe suket-suket, ewasamono bakal katrajang angin saka ing wetan, iya angine Sang Yehuwah, kang midid saka ing pasamunan, sarta belik-belike bakal diastake, lan tuk-tuke dipateni, raja-darbeke dijarah-rayah, yaiku sakehe barang kang endah.


Sakehe kabungahane bakal Sunuwisi riyayane, lan sasine anyar apadene dina Sabate lan sakehe dinane gedhe.


Dene sungu sapuluh kang kokdeleng lan kewan iku bakal padha sengit marang si tunasusila iku, lan bakal didadekake kapiran lan diwudani tuwin dipangan daginge, wasana diobong kalawan geni.


Nalika Sang Simson kasatan banget, sesambat marang Sang Yehuwah: “Paduka sampun paring pangluwaran ageng makaten lantaran tanganipun abdi Paduka, ing sapunika punapa kawula badhe pejah kasatan, sarta dhumawah ing tanganipun tiyang boten tetak punika?”


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan