Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




HOSEA 2:2 - Kitab Sutji

2 supaya aja nganti Sundhedheli sandhangane kongsi wuda, Sundadekake padha kaya ing nalika laire, Sundamel kaya pasamunan, Sundadekake kaya tanah mati, banjur Suntegakake nganti mati kasatan.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




HOSEA 2:2
22 Iomraidhean Croise  

Panjenengane bakal ngedegake gendera kanggo bangsa-bangsa, bakal nglempakake para wong Israel kang kabuwang, sarta bakal ngempalake para wong Yehuda kang sumebar ing keblat papat.


Mangkene pangandikane Sang Yehuwah: “Endi ta layange pegat ibunira tandhane manawa wus Suntundhung? Utawa panunggalane kang padha ngutangi Ingsun sapa kang wus tau Sunedoli sira? Lah marga saka kasalahanira dhewe sira wus padha kaedol lan marga saka panerakira dhewe ibunira kausir.


Nguwuh-uwuha kang sora, aja ngampet swara! Ngulukna swaranira kayadene kalasangka, wartakna marang umatingSun panerake lan marang para turune Yakub dosane!


Kandhakna mengkene: Dhuh, para ratu ing Yehuda lan para tiyang ing Yerusalem! Makaten pangandikanipun Sang Yehuwah, Gustining kang sarwa dumados, Gusti Allahipun Israel: Lah Ingsun bakal ndhatengake bilai ing panggonan kene, nganti wong kang krungu bakal sumruweng kupinge!


“Mangkata ngandhanana wong saisining Yerusalem: Mangkene pangandikane Sang Yehuwah: Ingsun kengetan marang katresnanira ing wektu nom-nomanira, marang katresnanira nalika sira dadi temanten, anggonira ngetutwuri Ingsun ana ing ara-ara samun, ing tanah kang ora ana tetuwuhane.


Pangandikane: “Manawa ana wong megat rabine, wong wadon mau banjur lunga ninggal dheweke lan dadi rabine wong liya, apa iya bojone kang dhisik mau mbaleni wong wadon iku? Nagara iku rak wus tetep najis? Sira wus laku jina karo bedhangan akeh lan nedya ngulihi Ingsun? – mangkono pangandikane Sang Yehuwah. –


Mung bae sira ngakonana dosanira, manawa sira wus cidra marang Sang Yehuwah, Gusti Allahira, lan wus ngesokake katresnanira marang para wong ngamanca ana ing sangisoring saben wit kang nggrembel, lan ora nilingake suwaraningSun!, mangkono pangandikane Sang Yehuwah.”


Ing wektu iku tedhak turune Yehuda bakal marani turune Israel, lan bakal padha teka bebarengan saka ing nagara lor menyang ing tanah kang wus Sunparingake marang para leluhurira minangka tanah pusakane.


Malah dalasan anak-anakira lanang lan wadon kang sira lairake kagem Ingsun uga sira jupuk, sira dadekake sesajen marang reca-reca mau minangka pangane. Apa tindakira kang nistha kang mangkono iku durung cukup,


Sira gawe tengger pangurbanan ana ing saben prapatan lan banjur adol kaendahaning warnanira dadi tindak kang nistha kalawan mlengkahake pupunira sakarone kanggo saben wong liwat; kalawan mangkono kanisthanira saya wuwuh-wuwuh.


Apa sira gelem ngadili wong-wong iku, he anaking manungsa, apa sira gelem ngadili wong-wong iku? Padha sumurupna marang panggawene leluhure kang nistha,


Ingsun banjur ngunandika: Apa kembang kang wus alum iki isih laku jina? Wong padha bebedhangan karo dheweke, iya karo dheweke.


Nanging para wong bener lan saleh bakal ngakimi wong-wong mau kayadene wong kang ngakimi para wong kang laku jina lan kang ngwutahake getih, amarga wong-wong iku padha laku jina lan tangane kuthah getih.”


Iki wiwitaning pangandikane Pangeran Yehuwah lumantar Nabi Hosea; dhawuhe Sang Yehuwah marang Nabi Hosea: “Sira lungaa, rabia karo sawijining wong wadon tuna-susila, sarta darbea anak-anak turune wong wadon tuna-susila, awitdene tanah iki banget anggone laku bedhang sarta nyingkur marang Pangeran Yehuwah.”


“Biyungira lapurna, iya lapurna, awitdene iku dudu garwaningSun, lan Ingsun iki dudu kakunge; konen mbuwang panyundele saka ing raine, lan anggone laku jina saka ing selaning susune,


Mulane lah dalane bakal Sunpasangi sangkrah eri, sarta wong iku bakal Sunpageri tembok mubeng, satemah ora bisa nemu dalan-dalane.


Kang iku sira bakal keplesed tiba ing wayah awan, uga nabi bakal keplesed tiba bareng karo sira ing wayah bengi; lan biyungira bakal Sunsirnakake!


Juru panrobos bakal lumaku ana ing ngarepe; padha nrobos lan liwat ing gapura lan bakal metu saka ing kono. Ratune bakal tindak terus ana ing ngarepe, sarta Pangeran Yehuwah piyambak tindak ana ing pucuke pabarisan!


Mulane wiwit saiki aku ora padha mbobot sawiji-wijia wong maneh manut ukuraning manungsa. Lan manawa aku wus padha tau mbobot Sang Kristus cara kadagingan, saiki aku ora padha mbobot Panjenengane kanthi patrap mangkono maneh.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan