Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




HOSEA 12:3 - Kitab Sutji

3 Pangeran Yehuwah bebantahan karo Yehuda, lan bakal ngukum Yakub miturut polah-tingkahe, sarta bakal males kang murwat karo tindak-tanduke.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




HOSEA 12:3
14 Iomraidhean Croise  

Sawuse mangkono rayine banjur miyos astane nyepengi tungkake Esap, iku diparingi asma Yakub. Rama Iskak yuswane sawidak taun nalika peputra loro mau.


Mulane Pangeran Yehuwah duka banget marang Israel, kaedohake saka ing ngarsane; ora ana kang kari kejaba mung suku Yehuda. –


dadine Pangeran Yehuwah banjur nampik marang sakehe turune Rama Israel: padha katindhes lan diulungake marang ing tanganing para tukang njarah-rayah, padha kabucal dening Pangeran Yehuwah saka ing ngarsane nganti entek. –


ora padha didohi, nganti Pangeran Yehuwah nebihake wong Israel iku saka ing ngarsane, kaya kang wus kapangandikakake lumantar sakehing abdine, para nabi. Wong Israel diangkut saka ing tanahe menyang ing nagara Asyur, kaparakake marang ing pambuwangan. Mangkono iku nganti saprene.


Mulane Ingsun bakal prakaran maneh kalawan sira kabeh, lan karo anak putunira Ingsun bakal prakaran, mangkono pangandikane Sang Yehuwah.


Saiki wus tumeka ing wekasanira lan Ingsun bakal ngesokake bebenduningSun marang sira, lan sira bakal Sunadili laras kalawan panggawenira sarta Ingsun bakal males marang sakehing tumindakira kang nistha.


Saiki Ingsun enggal-enggal bakal ngesokake dedukaningSun marang sira lan ngatogake bebenduningSun marang sira, Ingsun bakal ngadili sira laras kalawan tumindakira lan males sakehing panggawenira kang nistha.


He wong Israel, padha ngrungokna pangandikane Pangeran Yehuwah, awit Sang Yehuwah kagungan prakara karo wong isine nagara kene, marga ora ana kasetyan lan ora ana katresnan marang Allah, sarta ora ana kang wanuh marang Gusti Allah ing nagara kene.


Mulane kayadene nasibing rakyat, iya kaya mangkono iku nasibing imam: bakal Sunukum kalakuane lan Sunwales kang dadi panggawene.


Pangandikane Sang Yehuwah mangkene: “Marga saka durakane Yehuda telung prakara, malah patang prakara, mulane Ingsun ora bakal murungake putusaningSun, awitdene wus padha nampik angger-anggering Yehuwah, lan ora netepi pranatane, nanging padha kasasarake dening dewa-dewane kang goroh, kang dienut dening para leluhure,


He gunung-gunung, rungokna tan-trimahe Sang Yehuwah, lan padha ngrungokna, he, dhasar-dhasaring bumi! Marga Pangeran Yehuwah tan-trimah ing ngatase umate, sarta prakawisan karo Israel.


Sabab nalika bayi-bayi mau durung padha lair, lan durung nglakoni panggawe becik utawa ala, – supaya rancangane Gusti Allah bab pamilihe tetepa, ora adhedhasar ayahan nanging adhedhasar timbalane, –


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan