HOSEA 11:3 - Kitab Sutji3 Mangka Ingsun kang netah marang Efraim, Ingsun kang mbopong, ewasamono padha ora gelem ngrumangsani, yen Ingsun kang nyarasake. Faic an caibideil |
pangandikane: “Manawa sira padha ngrungokake marang dhawuhing Pangeran Yehuwah Gusti Allahira kanthi temen-temen, lan nglakoni apa kang bener ana ing paningale, sarta nilingake kupingira marang dhawuhe, apadene tansah nindakake sakehe katetepane, mesthi sira ora bakal Sunganjar sadhengah lelara kang wus Suntandukake marang wong Mesir, awitdene Ingsun iki Yehuwah kang nyarasake sira.”