Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




HOSEA 10:3 - Kitab Sutji

3 Lah saiki padha ngucap: “Kita padha ora duwe ratu, marga kita padha ora ngabekti marang Pangeran Yehuwah, mangka ratu iku bisa nindakake apa ta tumrap kita?”

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




HOSEA 10:3
14 Iomraidhean Croise  

Tekene keprabon bakal ora ngalih saka Yehuda, utawa lambanging paprentahan saka ing antarane sikile, nganti tumeka rawuhe Sang Silo, kang bakal disuyudi bangsa-bangsa.


Sang Prabu Salum bin Yabesy iku anggone jumeneng ratu ing taun kang kaping telung puluh sangane jamane Sang Prabu Uzia, ratu ing Yehuda; anadene anggone ngasta paprentahan ana ing Samaria suwene sesasi.


becik ngungsi marang Pangeran Yehuwah katimbang karo ngandelake para panggedhe.


Muga-muga Pangeran numpes sakehing lambe lamis lan ilat kang umuk-umukan,


kang ngucap: “Gusti Allah dimen age-age lan enggal-enggal nindakake pakaryane, supaya kita padha sumurup; sarta karampungane Kang Mahasuci, Gusti Allah Israel, dimen teka nyedhak, supaya kita padha weruh.”


Kaya mangkono iku bakal Suntandukake marang sira, he turune Israel, marga saka bangeting kadursilanira. Ing wayah bangbang wetan ratune Israel bakal katumpes babar pisan.


Samaria bakal katumpes, ratune kaya pang kang kumambang ing banyu.


Wong-wong iku kudu padha bali menyang tanah Mesir, sarta Asyur kang bakal dadi ratune, marga padha ora gelem mratobat.


Ratumu ana ngendi ta, kang banjur mitulungi sira, lan para pangarepira kang nuli menehi kaadilan marang sira, heh, sira kang ngucap: “Kula mugi kaparingana ratu kaliyan pangageng-pangageng?”


Sira Sunparingi ratu sajroning bebenduningSun, sarta kang Sunpundhut sajroning bramatyaningSun.


Sabab wong Israel nganti suwe padha dedunung tanpa raja, tanpa pemimpin, tanpa kurban sembelehan, tanpa ngadegake tugu brahala, tanpa efod lan tanpa terafim.


Lah saiki, yagene ta sira padha sesambat kalawan sora? Apa ora ana ratu ing tengahira? Utawa penasehatira apa wis padha tumpes, dene sira nganti ngrasakake lara kaya wong wadon kang lagi nglarani?


Nanging wong-wong mau padha bengok-bengok: “Kasirnakna! Kasirnakna! Kasaliba!” Pangandikane Sang Pilatus: “Apa aku kudu nyalib ratumu?” Wangsulane para pangarepe imam: “Kula sami boten gadhah ratu kajawi namung Sang Nata Agung.”


Nanging manawa kowe ndlarung nglakoni ala, kowe bakal disirnakake, iya kowe iya ratumu.”


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan