Nabi Elia banjur nyelaki rakyat kabeh lan ngandika: “Isih pira suwene anggonmu padha laku dhengkling lan mangro tingal iku? Manawa Pangeran Yehuwah iku Gusti Allah, iku etut burinen, dene manawa Baal, iku etut burinen.” Nanging rakyat ora ngaturi wangsulan sanadyan mung sakecap bae.
Wong kang kaya mangkono iku ora sumurup apa-apa lan ora ngreti apa-apa, sabab mripate kraket merem, satemah ora bisa ndeleng; tuwin atine uga buntet, mulane ora bisa mangreti.
Sabab wong Israel nganti suwe padha dedunung tanpa raja, tanpa pemimpin, tanpa kurban sembelehan, tanpa ngadegake tugu brahala, tanpa efod lan tanpa terafim.
Punthuk-punthuk pepundhenira bakal Sungempuri, lan sakehe padupanira bakal padha Sunbubrah. Sarta jisimira bakal Sununcalake tumumpang ing bathanging brahalanira, sarta panggalihingSun bakal bosen mirsani sira.
Iya ing wektu iku – mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah Gustining sarwa dumadi – Ingsun nyirnakake jenenge sakehe brahala saka ing nagara iku, nganti wong-wong padha ora eling marang iku maneh. Dalah para wong kang ngaku-aku nabi sarta roh reged bakal Sunbuwang saka ing nagara kono.
“Ora ana wong kang bisa ngrangkep pangawulan, awit ora wurung bendarane kang siji bakal disengiti; sijine ditresnani, utawa bakal setya marang kang siji lan nyepelekake marang sijine. Kowe ora bisa ngawula marang Allah lan marang Mamon.
Ora ana batur kang bisa ngladeni bandara loro. Amarga manawa mangkono, mesthi bakal sengit marang kang siji lan tresna marang sijine, utawa setya marang kang siji lan nyepelekake marang sijine. Ora bisa kowe ngawula marang Gusti Allah lan marang Mamon.”
He wong kang padha ora setya, apa kowe padha ora sumurup, manawa memitran karo donya iku dadi sesatron karo Gusti Allah? Kang iku sing sapa dadi mitrane donya, iku ndadekake awake dhewe dadi satrune Gusti Allah.
Kowe kabeh aja padha rumaket marang donya lan marang samubarang kang ana ing kono. Manawa wong rumaket marang donya, iku ora kadunungan katresnan marang Sang Rama.
Nanging nalika esuke padha tangi, Dhagon katon tiba kerungkeb ana ing sangarepe pethine Sang Yehuwah, nanging endhase Dhagon lan tangane karo pisan pothol lan mencelat tekan ing tlundhaging lawang, mung gembunge kang isih kari.