Awit iya padha ngedegake papan-papan pangurbanan lan tugu-tugu brahala tuwin saka-saka brahala ana ing saben tengger kang dhuwur sarta ana ing sangisore saben wit kang ngrembuyung.
Amarga sapira cacahe kuthanira, iya samono cacahe allahira, he Yehuda, lan sapira cacahe lurung ing Yerusalem, iya samono cacahe misbyah yeyasanira kanggo allah kang nistha iku, misbyah-misbyah kang kanggo kekutug marang Baal.
Sang Yehuwah, Gustining kang sarwa dumadi, kang damel sira tuwuh, wus netepake bilai tumrap ing sira, jalaran saka duraka kang dilakoni dening tedhak turune Israel lan Yehuda kanggo gawe gerahing galihingSun sarana anggone kekutug marang Baal.”
Ana ngendi para allahira, kang sira gawe kanggo awakira dhewe iku? Cikben padha tangi, yen bisa mitulungi sira, ing wektu sira nemu bilai. He Yehuda, marga kayadene kehing kuthanira, iya samono iku uga kehing allahira!
Sanadyan dheweke thukul subur ana ing satengahe suket-suket, ewasamono bakal katrajang angin saka ing wetan, iya angine Sang Yehuwah, kang midid saka ing pasamunan, sarta belik-belike bakal diastake, lan tuk-tuke dipateni, raja-darbeke dijarah-rayah, yaiku sakehe barang kang endah.
Tekan saiki padha terus bae anggone gawe dosa, sarta gawe reca cor-coran salaka, iya gawe brahala-brahala manut kapinterane; kabeh iku gaweane para tukang. Wong-wong padha dicelathoni: Padha saosa kurban! Manungsa kareben ngabekti marang pedhet-pedhet!
Mulane Ingsun bakal mundhut baline gandumingSun ing kala mangsane, lan angguringSun ing saben wektune, apadene ngrampas wol lan lenaningSun kang kanggo nutupi kawirangane.
Sabab wong Israel nganti suwe padha dedunung tanpa raja, tanpa pemimpin, tanpa kurban sembelehan, tanpa ngadegake tugu brahala, tanpa efod lan tanpa terafim.
Wus padha ngadegake ratu, nanging ora kanthi sarujukingSun. Padha ngadegake panggedhe, nanging ora kanthi kauningakake marang Ingsun. Emas lan salakane dianggo gawe brahala-brahala kanggo awake dhewe, mulane padha kasirnakake.
“Sira aja gawe sesembahan brahala, lan reca tatahan utawa tugu brahala aja sira degake kanggo sira, uga watu ukir-ukiran aja sira dekek ana ing tanahira kanggo pasujudan, awitdene Ingsun iki Yehuwah, Allahira.
Lah Sang Yehuwah mbangun maneh kaluhurane Rama Yakub, kaya kaluhurane Rama Israel, amarga wus karusak dening juru pangrusak epange wus padha kasempalan.
Mulane wiwit saiki aku ora padha mbobot sawiji-wijia wong maneh manut ukuraning manungsa. Lan manawa aku wus padha tau mbobot Sang Kristus cara kadagingan, saiki aku ora padha mbobot Panjenengane kanthi patrap mangkono maneh.