Sang Yehuwah ngandika marang aku: “Sanadyan Musa lan Samuel seba ana ing ngarsaningSun, galihingSun ora bakal bali maneh marang bangsa iku. Tundhungen saka ngarsaningSun kareben lunga!
Nanging esuke bareng Nabi Yeremia diluwari saka ing belokan, banjur ngandika marang Imam Pasyhur mangkene: “Sang Yehuwah bakal nyebut kowe dudu Pasyhur, nanging Pagiris saka ing ngendi-endi.
Nanging ing tembe cacahe tutune Israel iku bakal kaya wedhi ing sagara, kang ora kena ditaker utawa diwilang, minangka gentine wong kang padha kadhawuhan: “Sira iku dudu umatingSun,” bakal kapratelakake marang wong-wong mau: “Para putrane Gusti Allah kang gesang.”