Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




HOSEA 1:7 - Kitab Sutji

7 Nanging turune Yehuda kang bakal Sunwelasi lan Sunpitulungi demi Sang Yehuwah Allahe. AnggoningSun mitulungi iku ora srana panah utawa pedhang, ora srana gegamaning perang utawa srana jaran apadene prajurit jaranan.”

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




HOSEA 1:7
26 Iomraidhean Croise  

Lan iki kang bakal dadi tandha tumrap sira, he Hizkia: Ing taun iki wong bakal mangan apa kang thukul dhewe, dene ing taun kang kapindho pametune tanduran kang kawitan, nanging ing taun kang katelune sira bakal nyebar, ngeneni, gawe kebon anggur lan mangan wohe,


Sarta Ingsun bakal mageri kutha iki supaya slamet, iku marga saka Ingsun lan marga saka Dawud, abdiningSun.”


Kacarita ing bengi iku Sang Malaekating Yehuwah miyos, banjur nyirnakake wong ing pakuwone Asyur wolung puluh lima ewu. Esuke umun-umun kabeh kang katon iku jisime wong mati!


Bareng wong Aram padha mudhun marani, Nabi Elisa ndedonga marang Sang Yehuwah: “Mugi Paduka karsaa micakaken tiyang-tiyang punika.” Pangeran Yehuwah iya banjur micakake mripate wong-wong mau, nocogi pandongane Nabi Elisa.


Kaslametaning raja iku ora jalaran saka gedhening pangwasane; pahlawan iku ora bakal kapitulungan marga saka gedhening kakuwatane.


Amargi sanes panah kawula ingkang kawula andelaken, sanes pedhang kawula ingkang murugaken unggul,


Nanging pangandikane Nabi Musa marang bangsa iku: “Aja kuwatir, padha ditatag, lan delengen pangluwaran kang saka ing Pangeran Yehuwah, kang bakal diparingake marang kowe ing dina iki, amarga wong Mesir kang padha kokdeleng ing dina iki, iku bakal ora kokdeleng maneh ing salawas-lawase.


Mangkono Pangeran Yehuwah ing dina iku anggone ngluwari wong Israel saka ing tangane wong Mesir, dene wong Israel padha ndeleng wong Mesir wus padha mati ngglasah ana pinggir sagara.


Gusti Allah iku sanyata dadi karaharjanku; aku kumandel ora kalawan gumeter, amarga Sang Yehuwah Allah iku kakuwatanku lan masmurku, Panjenengane wus dadi karaharjanku.”


Awit saka iku Pangeran Yehuwah ngantos-antos marang wektune anggone bakal ngatingalake katresnane marang kowe kabeh; mulane banjur jumeneng arep nandukake kawelasan marang kowe kabeh. Amarga Pangeran Yehuwah iku Gusti Allah kang adil; rahayu sakehe wong kang nganti-anti marang Panjenengane!


“Nanging anggonira dadi AbdiningSun iku keremehen manawa mung Sunkarsakake nangekake para talere Yakub lan mbalekake para wong Israel kang isih padha kareksa bae. Sira Sundadekake pepadhang tumrap para bangsa supaya karahayon kang saka Ingsun iku tekana ing pungkasaning bumi.”


Awit saking punika Pangeran piyambak ingkang badhe paring pratandha dhumateng panjenengan dalem: Lah Sang Kenya badhe nggarbini saha badhe mbabar putra kakung sarta badhe ngasmakaken putranipun wau Imanuel.


Pangandikane para nabi mau mangkene: Padha mratobata saka polah-tingkah lan pokal gawemu, kang ala; kowe bakal padha tetep manggon ana ing tanah kang diparingake dening Sang Yehuwah marang kowe lan para leluhurmu ing salawas-lawase.


Aja ngetut-buri marang allah liyane, aja kokbekteni lan koksujudi. Sira aja gawe gerahing panggalihingSun sarana gegaweane tanganira, supaya Ingsun aja nganti nekakake bilai marang sira.


ing kono Ingsun mesthi uga bakal nampik tedhak turune Yakub lan abdiningSun Dawud, temah kendel anggoningSun ngangkat saka tedhak turune, kang padha ngereh marang tedhak turune Abraham, Iskak lan Yakub. Amarga Ingsun bakal mulihake kaanane para wong iku sarta iku bakal padha Sunwelasi.”


Lo-Rukhama mau bareng wus disapih, wong wadon mau banjur ngandheg maneh lan duwe anak lanang.


Panjenengane banjur pratela: “Iki pangandikane Pangeran Yehuwah marang Zerubabel: ora srana kasantosan lan ora srana kakuwatan, nanging marga dening rohingSun. – Mangkono pangandikane Sang Yehuwah Gustine sarwa dumadi. –


Lan wong sapasamuwan padha ngretia, manawa Sang Yehuwah anggone mitulungi ora mawa pedhang lan tlempak. Amarga peperangan iku ana ing astane Sang Yehuwah lan Panjenengane masrahake kowe ana ing tanganku.”


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan