Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




HOSEA 1:6 - Kitab Sutji

6 Wong wadon mau nuli ngandheg maneh sarta banjur duwe anak wadon; Pangeran Yehuwah tumuli ngandika marang Nabi Hosea: “Bayine jenengna Lo-Rukhama, awit turune Israel bakal ora Sunwelasi maneh, lan babar pisan ora bakal Sunapura.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




HOSEA 1:6
11 Iomraidhean Croise  

dadine Pangeran Yehuwah banjur nampik marang sakehe turune Rama Israel: padha katindhes lan diulungake marang ing tanganing para tukang njarah-rayah, padha kabucal dening Pangeran Yehuwah saka ing ngarsane nganti entek. –


Ing taun kang kaping sangane jamane Sang Prabu Hosea, Sang Nata ing Asyur ngejegi Samaria. Wong Israel padha diboyongi menyang ing Asyur, menyang ing pambuwangan, padha didhawuhi manggon ana ing Halah, ing pinggiring kali Habor, yaiku kaline nagara Gozan, lan ana ing kutha-kuthane wong Madhai.


Samangsa pang-pange kang cilik-cilik wus garing, bakal padha disempali; nuli kaobong dening para wong wadon kang padha teka. Awit iki sawijinig bangsa kang tanpa budi, yaiku kang njalari ora kaparingan palimirma dening kang nitahake lan ora kinasihan dening kang mangun.


Lo-Rukhama mau bareng wus disapih, wong wadon mau banjur ngandheg maneh lan duwe anak lanang.


Marga biyunge dadi sundel; kang ngetengake wus nindakake kanisthan, awit pangucape: Aku arep ngetutake para bedhanganku, kang aweh roti lan banyu pangombenku kain wol lan lenaku, lengan lan omben-ombenku.


Pangandikane Sang Yehuwah marang aku: “He Amos, sira ndeleng apa?” Unjukku: “Tangsul sipat gantung!” Pangandikane Pangeran: “Lah umatingSun Israel bakal Sunetrapi sipat gantung ana ing tengahe. Ingsun ora bakal maringi pangapura maneh.


Lah, Sang Yehuwah Allah wus nitipriksa karajan kang nindakake dosa iku. Iku bakal Suntumpes temah sirna saka ing lumahe bumi; nanging turune Yakub iku bakal ora Suntumpes nganti tapis,” – mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah –.


Kowe, kang maune dudu umate Gusti Allah, nanging saiki wus dadi umate, sing maune ora padha diwelasi, nanging saiki wus tampa kawelasan.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan