Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




HOSEA 1:5 - Kitab Sutji

5 Ing wektu iku gandhewane Israel bakal Ingsun putung ana ing lebak Yizreel.”

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




HOSEA 1:5
9 Iomraidhean Croise  

Ing jamane Sang Prabu Pekah, ratu ing Israel, Sang Prabu Tiglat Pileser, ratu ing Asyur rawuh lan banjur ngejegi Iyon, Abel-Bet-Maakha, Yanoah, Kedesy lan Hazor, Gilead lan Galilea, tanah Naftali kabeh, sarta pendhudhuke nuli diboyongi kabeh menyang ing Asyur, dadi wong buwangan.


Nanging pedhange bakal mbalik lan nuwek awake dhewe, gandhewane padha pinutung.


Mara padha lungaa, sawangen pakaryane Sang Yehuwah, kang nuwuhake tetumpesan ana ing bumi,


ewasamono para juru pangrusak bakal nekani tanah Babil, para prawirane bakal padha dicekeli lan gandhewane bakal padha remuk, amarga Sang Yehuwah iku Gusti Allah kang paring piwales; Panjenengane mesthi bakal nandukake piwales.


Ingsun bakal nggebag tanganira kang kiwa, temah gendhewanira mrucut lan panahira padha uwal saka ing tanganira kang tengen.


Sira bakal Sunpundhut garwa kanggo ing salawas-lawase, lan anggoningSun mundhut garwa sira iku kalawan kaadilan lan kabeneran, sarta kalawan sih-susetya lan sih-katresnan.


Bani Yusup banjur matur: “Tanah pareden punika boten badhe nyekapi tumrap kula, tuwin sadaya tiyang Kanaan ingkang manggen wonten ing papan-papan wradin ngriku sami gadhah kareta tosan, inggih ingkang wonten ing Bet-Sean saha kitha-kitha wewengkonipun, inggih ingkang wonten lebak Yizreel.”


Kacarita sakehe wong Midian lan wong Amalek apadene wong ing sisih wetan wus padha nglumpuk, kabeh wus padha nyabrang lan ngedegake tarub ana ing lebak Yizreel.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan