HOSEA 1:4 - Kitab Sutji4 Sawuse mangkono Pangeran Yehuwah ngandika marang Nabi Hosea: “Bayine jenengna Yizreel, awit sadhela engkas Ingsun bakal ngukum kulawargane Yehu, marga utang getih ing Yizreel lan Ingsun bakal mungkasi karajan Israel. Faic an caibideil |
Gedhe pangwaose, tuwin tentrem rahayu bakal tanpa wekasan ana ing dhampare Sang Prabu Dawud lan ana ing karajane, awit iku kadhasarake lan kasantosakake kalawan kaadilan lan kabeneran wiwit saiki nganti ing salawas-lawase. Adrenging panggalihe Pangeran Yehuwah Gustine sarwa tumitah bakal nindakake iki.
Mulane pangandikane Sang Yehuwah, Gusti Allahe Israel marang para pangon kang ngengon bangsaku, mangkene: “Sira wus ngetogake bae wedhus-wedhusingSun buyar lan pating slebar, ora sira reksa. Mulane wruhanira, Ingsun bakal males marang sakehing panggawenira kang ala, – mangkono pangandikane Sang Yehuwah –.