Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




HOSEA 1:2 - Kitab Sutji

2 Iki wiwitaning pangandikane Pangeran Yehuwah lumantar Nabi Hosea; dhawuhe Sang Yehuwah marang Nabi Hosea: “Sira lungaa, rabia karo sawijining wong wadon tuna-susila, sarta darbea anak-anak turune wong wadon tuna-susila, awitdene tanah iki banget anggone laku bedhang sarta nyingkur marang Pangeran Yehuwah.”

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




HOSEA 1:2
24 Iomraidhean Croise  

nanging ngenut ing lakune para ratu ing Israel lan mbujuk Yehuda lan para wong ing Yerusalem supaya laku jina, padha kaya kang ditindakake dening brayate Akhab, mangkono uga sarehne sira wus mateni para sadulurira, sakehe turune bapakira kang luwih becik tinimbang karo sira,


Padha najisake awake dhewe srana pratingkahe iku, sarta padha laku jina ing sajroning panggawene mau.


Awit sajatosipun sinten ingkang tebih kaliyan Paduka, punika sami badhe dhumawah ing karisakan; sadaya tiyang ingkang lampah jina kalayan nilar Paduka punika mesthi Paduka bengkas.


Amarga umatingSun nglakoni dosa kaping pindho: padha nyingkur Ingsun, kang dadi tuking banyu urip, nedya ndhudhuk blumbang kanggo awake dhewe, yaiku blumbang kang borot, kang ora bisa madhahi banyu.


Amarga wiwit biyen mula anggonira mutungi pasanganira lan medhoti talining cancanganira, sarta kandha: Aku emoh ngawula maneh. Malah ana ing saben tetengger kang munggul, lan ana ing sangisoring wit kang ngrembuyung, sira teturon lan laku jina.


Kapriye dene sira kok wani ngucap: Aku ora tau najisake awakku, aku ora tau ngetutwuri para Baal? Delengen tindak-tandukira ana ing lebak, kawruhana apa kang wus sira lakoni; he, unta wadon kang cancingan lan mloya-mlayu mrana-mrene,


Anggone laku jina kang marga saka sembranane iku njalari nagara dadi najis, malah banjur bebedhangan kalawan nyembah watu lan kayu.


Ana ing tengahing para bangsa, para wong kang oncat saka ing antaranira kang padha katawan mau, bakal padha eling marang Ingsun, yaiku nalika Ingsun wus ngremuk atine kang laku jina, kang wus ngedohi Ingsun lan kang mripate wus ngalih arahe, kang tansah laku jina ngenut marang para brahalane; iku dhewe bakal ngrumangsani nisthaning awake, nyumurupi piala kang katindakake lan nyumurupi sakehing panggawene kang nistha.


Nanging dheweke iku ora ngrumangsani yen Ingsun kang maringi gandum, anggur lan lenga, sarta kang ngakehake salakane lan mase kang dianggo gawe reca Baal.


Pangeran Yehuwah ngandika marang aku: “Sira lungaa maneh lan nresnanana sawijining wong wadon, kang seneng dadi sundel lan laku jina, kayadene Sang Yehuwah uga tresna marang para wong Israel, sanadyan iku padha mungkur marani allah liya-liyane lan karem emplek-emplek kismis.”


Ingsun iku wanuh marang Efraim, sarta ora kekilapan mungguh kaanane Israel, awit sira wus laku jina, he Efraim; lan Israel wus najisake awake dhewe.


Iki wiwitane Injile Gusti Yesus Kristus, Putraning Allah.


Pangandikane Pangeran Yehuwah marang Nabi Musa: “Wruhanira, sira bakal ngaso awor karo para leluhurira, dene bangsa iki bakal laku bedhang kanthi ngetut-buri allahe bangsa liya kang ana ing nagara, kang bakal dileboni; ana ing kono bakal padha ngungkurake Ingsun lan nyelaki prasetyaningSun kang wus Suntetepake karo wong-wong iku.


Mripate kebak isi pepenginan laku bedhang, ora mari-mari anggone gawe dosa. Wong-wong iku padha mbebujuk wong-wong kang ringkih atine. Wateke wis kulina srakah. Pancen dhasar wong kang padha kena ing ipat-ipat!


Lan ing bathuke kacirenan jeneng, sawijining wewadi: “Babil gedhe baboning para tunasusila lan sakehing kanisthan ing bumi.”


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan