Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




HOSEA 1:11 - Kitab Sutji

11 Karodene turune Yehuda lan turune Israel bakal padha nglumpuk nunggal sagolongan, sarta bakal ngangkat wong siji kadadekake pemimpine, banjur bakal ngejegi nagara iki, marga dinane Yizreel iku bakal elok kaanane.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




HOSEA 1:11
24 Iomraidhean Croise  

Ing dinten nglempaking wadya-bala Paduka umat kagungan Paduka kaliyan legawa badhe majeng kanthi rinengga ing kasucen; saking guwa-garbaning bangbang wetan kaaneman Paduka medal kados ebun.


Wong kang ngereh bakal jumedhul saka ing antarane wong-wong iku dhewe lan wong kang ngwasani bakal muncul saka ing tengahe; Ingsun bakal damel bisa seba wong iku, lan cedhak kalawan Ingsun. Amarga sapa kang wani ngetohake nyawane supaya cedhak kalawan Ingsun? Mangkono pangandikane Sang Yehuwah.


Sabab lah, bakal tumeka ing wektune, – mangkono pangandikane Sang Yehuwah –, Ingsun bakal mulihake kaanane umatingSun Israel lan Yehuda – pangandikane Sang Yehuwah – lan Ingsun bakal mbalekake para wong iku menyang ing tanah kang wus Sunparingake marang para leluhure lan bakal ndarbeni iku.”


Adhuh, iba ta anggone nggegirisi dina iku, ora ana tandhinge; iku dina karubedan tumrap Yakub, nanging bakal linuwaran.


Nanging prajanjian kang bakal Sundamel karo wong Israel, sawuse wektu iku, – mangkono pangandikane Sang Yehuwah – iku mangkene: ToretingSun bakal Sunparingake ana ing batine, sarta Sunserat ana ing atine; Ingsun banjur bakal jumeneng dadi Allahe lan wong-wong iku bakal padha dadi umatingSun.


Sanyatane, Ingsun ngempalake para wong iku saka ing sakehing nagara, papan anggoningSun mbuyarake marga saka dukaningSun, mulad-mulading bebenduningSun lan gedhening pamuringingSun, lan Ingsun bakal ngulihake para wong iku mrene lan Sundamel tentrem pamanggone.


Nanging Ingsun bakal ngulihake Israel menyang ing pangonane, supaya nyengguta suket ana ing gunung Karmel lan ing Basan tuwin ana ing pagunungan Efraim lan Gilead.


Awit saka iku mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: Ing saikine, Ingsun bakal mulihake kaanane Yakub lan bakal nandukake kawelasan marang turune Israel lan marga saka bentering panggalihingSun, Ingsun bakal ngekahi asmaningSun kang suci.


“Biyungira lapurna, iya lapurna, awitdene iku dudu garwaningSun, lan Ingsun iki dudu kakunge; konen mbuwang panyundele saka ing raine, lan anggone laku jina saka ing selaning susune,


Sawuse mangkono wong Israel bakal padha mratobat lan ngupaya marang Pangeran Yehuwah Allahe sarta marang Sang Prabu Dawud, ratune. Bakal padha sowan kalawan gumeter marang ngarsane Sang Yehuwah lan marang kamirahane, besuk ing dina-dina wekasan.


Sabab yen panampike iku ateges pirukun tumrap ing jagad, wong-wong iku anggone nampani apa ora ateges kauripan saka ing antarane wong mati?


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan