Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




HOSEA 1:10 - Kitab Sutji

10 Nanging ing tembe cacahe tutune Israel iku bakal kaya wedhi ing sagara, kang ora kena ditaker utawa diwilang, minangka gentine wong kang padha kadhawuhan: “Sira iku dudu umatingSun,” bakal kapratelakake marang wong-wong mau: “Para putrane Gusti Allah kang gesang.”

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




HOSEA 1:10
26 Iomraidhean Croise  

Lan turunira bakal Suntangkarake dadi kaya lebune bumi, dadine manawa ana kang bisa ngetung lebune bumi, turunira iya bakal kena dietung.


mulane sira bakal Sunberkahi nganti luber lan turunira bakal Suntangkar-tangkarake cacahe nganti kaya lintang ing langit lan kaya wedhi ing pinggir segara, sarta turunira bakal ngebeki gapurane mungsuhe.


Paduka rak sampun ngandika: Ingsun mesthi bakal mbeciki sira lan turunira bakal Sundadekake kaya wedhine sagara kang ora kena dietung marga saka akehe.”


Paduka sampun ngangkat umat Israel dados umat Paduka kangge ing salaminipun saha Paduka dados Allahipun, dhuh Yehuwah.


Ingsun bakal ngandika marang lor: ‘Wenehna!’ lan marang kidul: ‘Aja sira gondheli!’ Para putraningSun kakung sira gawanana saka ing adoh, tuwin para putraningSun putri saka ing poncot-poncoting bumi,


Turunira bakal kaya wedhi tuwin anak-putunira kehe kaya laslasane; jenenge ora bakal kasirnakake utawa kasingkirake saka ing ngarsaningSun.”


Paduka punika rak Rama kawula sadaya? Rama Abraham saestu boten uninga punapa-punapa ing bab kawula sadaya, saha Rama Israel boten tepang kaliyan kawula sadaya. Dhuh Yehuwah, Paduka piyambak punika Rama kawula sadaya; asma Paduka punika “Panebus kawula” wiwit ing jaman kina.


Nanging sapunika, dhuh Yehuwah, Paduka punika Rama kawula sadaya! Kawula sadaya punika lempung dene Paduka ingkang mangun kawula, sarta kawula sadaya punika yasaning asta Paduka.


Wus dadi keparenging panggalihingSun paring pituduh marang wong kang ora nakokake marang Ingsun; wus dadi keparenging panggalihingSun, Ingsun ditemu dening wong kang ora ngupaya marang Ingsun. Ingsun wus ngandika: “Iki Ingsun, iki Ingsun!” marang bangsa kang ora nyebut asmaningSun.


Iku bakal padha ngirid sakehing sadulurira saka ing antarane bangsa kabeh kacaosake minangka kurban marang Sang Yehuwah kalawan katunggangake ing jaran, kreta lan tandhu, bihal sarta unta wadon kang rikat lakune, kagawa munggah menyang ing gunungingSun kang suci, menyang Yerusalem, mangkono pangandikane Sang Yehuwah, padha kaya wong Israel kang nggawa kurban ana ing wadhah kang suci menyang ing padalemaning Pangeran Yehuwah.


Kayadene bala ing langit kang tanpa wilangan kehe tuwin kaya wedhining sagara kang ora kena tinaker, iya kaya mangkono uga anggoningSun nangkar-nangkarake tedhak turune Dawud lan para wong Lewi, kang ngladeni Ingsun.”


Sawise mangkono Sang Prabu Dhaniel tumuli kintun serat marang wong-wong saka sakehing bangsa, suku bangsa lan basa, kang manggon ing salumahing bumi kabeh, ijemane: “Tentrem rahayunira muga saya wuwuha!


Gusti Allah banjur ngandika: “Iku jenengna: Lo-Ami, awitdene sira kabeh iku dudu umatingSun, lan Ingsun dudu Allahira.”


Nanging sapa bae kang nampani Panjenengane iku diparingi wewenang dadi para putraning Allah iya iku kang padha pracaya marang asmane,


Sabab kanthi cecengklungen sakehing tumitah anggone padha nganti-anti marang wektu kababare para putrane Gusti Allah.


Lan Ingsun bakal dadi Ramanira, sarta sira bakal padha dadi putraningSun lanang lan wadon. Mangkono pangandikane Pangeran, Kang Mahakuwasa.”


Iya iku jalarane, dene saka wong siji, tur prasasat wong kang wus mati, sumebar tedhak turune, kaya lintang ing langit sarta kaya wedhi ing pinggir sagara kang tanpa wilangan cacahe.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan