Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




HOSEA 1:1 - Kitab Sutji

1 Iki pangandikane Pangeran Yehuwah kang kadhawuhake marang Nabi Hosea bin Beeri, nalika jamane Sang Prabu Uzia, Yotam, Akhas lan Hizkia, para ratu ing Yehuda, sarta nalika jamane Sang Prabu Yerobeam bin Yoas, ratu ing Israel.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




HOSEA 1:1
26 Iomraidhean Croise  

Sawuse Sang Prabu Yoas kaparingan ngaso bareng karo para leluhure, Pangeran Yerobeam banjur lenggah ing dhamparing kang rama. Dene Sang Prabu Yoas kasarekake ana ing Samaria ing sandhinge para ratu ing Israel.


Sang Prabu Yoas banjur kepareng ngaso nunggil karo para leluhure lan kasarekake ana ing Samaria, nunggil karo para ratu ing Israel, dene Pangeran Yerobeam, kang putra, nuli jumeneng ratu nggentosi panjenengane.


Ing taun kang kaping limalase jamane Sang Prabu Amazia putrane Sang Prabu Yoas, ratu ing Yehuda, Pangeran Yerobeam, putrane Sang Prabu Yoas, ratu ing Israel, jumeneng ratu ana ing Samaria. Anggone ngasta paprentahan lawase patang puluh siji taun.


Ing taun kang kaping pindhone jamane Sang Prabu Pekah bin Remalya, ratu ing Israel, Pangeran Yotam, putrane Sang Prabu Uzia, ratu ing Yehuda, jumeneng ratu.


Mulane Pangeran Yehuwah banjur nggebag Sang Prabu, temah dadi gerah saraat nganti tumeka ing sedane, lan manggen ing dalem pasetran. Anadene Pangeran Yotam, kang putra, mangagengi kraton lan nindakake paprentahan tumrap rakyat ing nagara kono.


Sang Prabu Azarya nuli kepareng ngaso nunggil karo para leluhure lan banjur kasarekake ing sandhinge para leluhure ana ing kuthane Sang Prabu Dawud, dene Pangeran Yotam, kang putra, tumuli jumeneng ratu, nggentosi panjenengane.


Pangeran Yotam nalika jumeneng ratu yuswane salawe taun, dene anggone ngasta paprentahan ana ing Yerusalem lawase nembelas taun. Kang ibu asma Yerusa, putri putrane Sang Zadhok.


Pangeran Akhas nalika jumeneng ratu yuswa rong puluh taun, dene anggone ngasta paprentahan ana ing Yerusalem lawase nembelas taun. Panjenengane ora nglampahi apa kang bener ana ing paningaling Yehuwah kayadene Sang Prabu Dawud, rama leluhure,


Anadene pisungsung-pisungsung suci awujud: sapi nem atus lan wedhus telung ewu.


Wahyu kang tiningalan dening Nabi Yesaya putrane Sang Amos bab Yehuda lan Yerusalem nalika jamane Sang Prabu Uzia, Yotam, Akhas lan Sang Prabu Hizkia, para ratu ing Yehuda.


Ing nalika jamane Sang Prabu Akhas, putrane Sang Prabu Yotam, putrane Sang Prabu Uzia, nata ing nagara Yehuda, Sang Prabu Rezin, ratu ing nagara Aram, kalawan Sang Prabu Pekah putrane Sang Remalya, ratu ing Israel, padha nglurug perang menyang ing Yerusalem, nglawan kutha iku, nanging ora padha bisa ngalahake.


Nalika jamane Sang Prabu Yosia bin Amon, ratu ing Yehuda, ing taun kang kaping telulase anggone ngasta paprentahan, ana pangandikane Sang Yehuwah, kang kadhawuhake marang Nabi Yeremia.


Pangandikane Pangeran Yehuwah kadhawuhake marang aku, mangkene:


ana pangandikane Pangeran Yehuwah tumuju marang Imam Yeheskiel, putrane Sang Busi, ana ing nagarane wong Kasdim ing pinggir kali Kebar, sarta ana ing kono panjenengane kalimputan ing pangwaose Sang Yehuwah.


Iki pangandikane Pangeran Yehuwah kang kadhawuhake marang Nabi Yoel bin Petuel.


Iki pangandika kang kawedharake marang Nabi Amos, panunggalane wong kang ngingu wedhus saka ing Tekoa, bab Israel, nalika jamane Sang Prabu Uzia ratu ing Yehuda, lan ing jamane Sang Prabu Yerobeam putrane Sang Prabu Yoas, ratu ing Israel, rong taun sadurunge lindhu.


Ana dhawuhe Pangeran Yehuwah marang Nabi Yunus bin Amitai, mangkene:


Iki pangandikane Pangeran Yehuwah kang kadhawuhake marang Nabi Mikha wong Moresyet, nalika jamane Sang Prabu Yotam, Akhas lan Hizkia, para ratu ing Yehuda, yaiku gegayutan karo anggone kaparingan wahyu ing ngatase Samaria lan Yerusalem.


Ing sasi kang kawolu ing taun kang kapindhone jamane Sang Prabu Dharius, ana pangandikane Pangeran Yehuwah marang Nabi Zakharia bin Berekhya bin Idho, mangkene:


Manawa wong kang padha kadhawuhan pangandikaning Allah iku diarani allah – mangka Kitab Suci iku ora kena dibatalake –


kaya kang wus dipangandikakake uga ana ing kitabe Nabi Hosea, wiraose: “Kang dudu umatingSun bakal Sunsebut umatingSun, lan kang dudu kekasih, iku Sunsebut kekasih.”


jalaran ora tau ana pamedhar-wangsit kang kawedharake saka kareping manungsa, nanging marga saka kawangsit dening Sang Roh Suci wong wong banjur padha calathu atas asmaning Allah.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan