Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




FILIPI 4:7 - Kitab Sutji

7 Temahan tentrem-rahayu kang saka ing Gusti Allah, kang ngungkuli saliring budi, bakal rumeksa marang ati lan pangangen-angenmu ana ing Sang Kristus.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




FILIPI 4:7
43 Iomraidhean Croise  

Sang Nehemya yaiku kepala dhaerah, karo Imam Ezra, ahli kitab sarta para wong Lewi kang mulang marang wong-wong mau, banjur padha ngandika marang wong sabangsa kabeh: “Dina iki dadi sesengkerane Sang Yehuwah, Gusti Allahmu. Kowe aja padha prihatin, lan aja nangis.” Amarga wong kabeh padha nangis, nalika krungu surasane Toret.


Dirukun kalawan Gusti Allah supaya kowe tentrem; sarana mangkono kowe bakal oleh kabegjan.


Manawa Panjenengane kendel, sapa kang bakal nibakake paukuman? Manawa ngumpetake pasuryane, sapa kang bakal sumurup Panjenengane, sanajana bangsa utawa sawiji-wijining wong? –,


Sang Yehuwah muga karsaa paring kakuwatan marang umate, Sang Yehuwah muga karsaa mberkahi umate kalawan tentrem rahayu.


Dhuh Yehuwah, Paduka mugi karsaa ngatingalaken sih-susetya Paduka dhumateng kawula sadaya, saha karsaa maringi karaharjan Paduka dhumateng kawula sadaya.


kawicaksanan bakal ngopeni kowe, sarta kapinteran bakal rumeksa marang kowe,


Aja nyingkur marang kawicaksanan, temah kowe bakal direksa, iku tresnanana, temah kowe bakal digumateni.


Samangsa kowe lumaku, kowe bakal dipimpin, lan samangsa kowe turu, ditunggu, yen kowe tangi, bakal diajak guneman.


Dhuh Yehuwah, kawula sami Paduka cawisi tentrem rahayu, amargi samubarang ingkang kawula lampahi, sadaya sami Paduka tindakaken kangge kawula sadaya.


Ingkang manahipun santosa Paduka paringi tentrem rahayu, amargi pitados dhumateng Paduka.


kang ndadekake padhang lan nitahake peteng, kang damel begja lan cilaka; Ingsun Yehuwah kang nindakake iki kabeh.


Manawa sira nggatekake marang dhawuh-dhawuhingSun, tentrem rahayunira bakal kaya kali kang ora tau asat, lan kabegjanira bakal terus luber kaya ombaking sagara kang ora tau leren.


“Para wong duraka padha ora kadunungan tentrem rahayu!” mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah.


Layang pratandha iku sawuse dakpasrahake marang Barukh bin Neria, aku nuli ndedonga, aturku:


Lah, Ingsun bakal nuwuhake kawarasan lan kawaluyan sarta Ingsun bakal maluyakake wong iku lan paring karaharjan sarta katentreman nganti luber-luber.


Pangeran Yehuwah muga karsaa nungkulake wadanane marang kowe, lan maringana tentrem rahayu.


karsa madhangi sakabehing wong kang padha andhok ing pepeteng lan ana ing wayanganing pati, apadene ngenerake sikil kita marang dalaning karahayon.”


“Kamulyakna Gusti Allah kang ana ing ngaluhur lan tentrem-rahayu anaa ing bumi, ing antarane manungsa kang dadi renaning panggalihe.”


Kowe padha Daktinggali tentrem-rahayu. Tentrem-rahayuKu Dakwenehake marang kowe, lan apa kang Dakwenehake iku ora kaya pawewehe jagad marang kowe. Atimu aja melang-melang lan aja giris.


AnggonKu mulangake iku mau kabeh marang kowe iku, supaya kowe padha oleha tentrem-rahayu ana ing Aku. Ana ing donya kowe padha nandhang panganiaya, nanging padha diteteg atimu, Aku wus ngalahake donya.”


marang sakehe para sadulur kang manggon ing kutha Rum, iya para kekasihe Gusti Allah, kang katimbalan lan kadadekake suci. Sih-rahmat anaa ing kowe kabeh lan tentrem-rahayu saka Gusti Allah Rama kita lan saka Gusti Yesus Kristus.


Sabab Kratone Gusti Allah iku dudu bab mangan lan ngombe, nanging bab kabeneran, tentrem-rahayu sarta suka-pirena marga dening Sang Roh Suci.


Muga-muga Gusti Allah, etuking pangarep-arep, maringana ganjaran marang kowe kabeh sagunging kabungahan sarta tentrem-rahayu ing sajroning pracayamu, supaya kowe padha sugiha pangarep-arep marga saka sawabe Sang Roh Suci.


Mulane kita kang wus padha kabenerake awit saka pracaya, kita padha urip kalawan rukun karo Gusti Allah marga dening Gusti kita, Gusti Yesus Kristus.


Awitdene pangangen-angene daging iku pati, balik pangangen-angene Sang Roh iku urip lan tentrem-rahayu.


Aku padha nyirnakake othak-athiking budi lan saben tanggul kang diedegake dening kumalungkunging manungsa kanggo ngalang-alangi pangawruh marang Allah, sarta padha mbandhangi sarupaning pangangen-angen, daktelukake marang Sang Kristus,


Wasana, para sadulurku, padha bungaha, udinen supaya awakmu sampurna. Tampanana sakehing pituturku. Padha disarujuk, lan padha olaha atut-rukun, temahan Gusti Allah etuking sih katresnan lan tentrem-rahayu bakal nunggil karo kowe!


Dene wohing Roh yaiku: katresnan, kabungahan, tentrem-rahayu, sabar-sareh, paramarta, kabecikan, setya,


sarta bisa ngawruhi marang sihe kang ngungkuli sakabehing kawruh iku. Aku ndedonga, supaya padha kapenuhan ing kasampurnaning Gusti Allah.


Saka Paulus lan Timoteus abdi-abdine Sang Kristus Yesus marang sakehing para suci ana ing sajroning Sang Kristus Yesus kang ana ing kutha Filipi lan para juru pamomong sarta para juru pamulasara.


Sih-rahmat lan tentrem-rahayu saka Gusti Allah Rama kita lan saka Gusti Yesus Kristus anaa ing kowe kabeh.


Gusti Allahku bakal nyekapi kabeh kabutuhanmu laras karo kasugihaning kamulyane ana ing Sang Kristus Yesus.


Salamku marang saben wong suci ana ing Sang Kristus Yesus. Salam marang kowe saka sadulur-sadulur kang bebarengan karo aku.


Lan apa kang wus padha koksinau lan kang koktampani, lan kokrungu sarta kokdeleng ana ing aku, iku lakonana; temahan Gusti Allah etuking tentrem-rahayu bakal nunggal karo kowe kabeh.


Muga tentrem-rahayune Gusti Kristus ngereh ana ing sajroning atimu, marga iya kaya mangkono iku anggonmu padha katimbalan dadi badan siji. Sarta saosa sokur.


Anadene Panjenengane, Gustining tentrem-rahayu, muga tansah paring tentrem-rahayu marang kowe kabeh ing sadhengaha kaanan. Muga Gusti nunggila karo kowe kabeh.


Dene Gusti Allahing tentrem-rahayu kang kanthi rahing prasetyan kang langgeng wus ngentasake saka ing antarane wong mati. Pangene sakabehing wedhus kang pinunjul, iya iku Gusti Yesus, Gusti kita,


Saka Yudas, abdine Gusti Yesus Kristus sarta sadulure Yakobus, marang para kang katimbalan, kang kinasih ana ing Allah Sang Rama sarta kang padha sinengker kagem Gusti Yesus Kristus.


Saka Yokanan marang pasamuwan pepitu kang ana ing tanah Asia-Cilik: Sih-rahmat lan tentrem-rahayu anaa ing kowe kabeh, saka Panjenengane, kang ana lan kang wus ana sarta kang bakal rawuh, apadene saka roh pepitu kang padha ana sangareping dhampar,


Sapa kang duwe kuping, ngrungokna apa kang dadi pangandikane Sang Roh marang pasamuwan-pasamuwan: Sing sapa unggul, bakal Sunparingi mangan mana kang piningit, sarta Sunganjar watu putih, kang ing dhuwure katulisan jeneng anyar, kang ora kawruhan ing wong, kajaba kang nampani.”


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan