Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




FILIPI 4:6 - Kitab Sutji

6 Aja padha nyumelangake bab apa bae, nanging padha lairna sakehing pepenginanmu marang Gusti Allah ing pandonga lan panyuwun kalawan caos sokur.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




FILIPI 4:6
45 Iomraidhean Croise  

Milanipun Paduka mugi karsaa midhangetaken pandonga saha panyuwunipun abdi Paduka punika, dhuh Yehuwah, Gusti Allah kawula, mugi karsaa miyarsakaken panguwuh tuwin pandonga ingkang kaunjukaken dening abdi Paduka wonten ing ngarsa Paduka ing dinten punika!


Marga saka iku Sang Prabu Hizkia lan Nabi Yesaya bin Amos banjur ndedonga lan sesambat marang ing swarga.


Temahan kawula badhe mulangaken margi Paduka dhateng para tiyang ingkang lampahipun nasar, supados tiyang dosa sami mratobata dhumateng Paduka.


Nanging aku nyebut marang Gusti Allah, sarta Pangeran Yehuwah banjur bakal ngluwari aku.


Lunyuning cangkeme ngungkuli mertega, nanging karepe arep nempuh perang; alusing tembunge ngluwihi lenga, nanging sakabehing mau pedhang ligan.


Ana ing Gusti Allah dununging kaslametan lan kamulyanku; peparangku lan kasantosanku, sarta pangayomanku iku Gusti Allah.


Kurban sesaosane wong duraka iku jember ana ing ngarsane Sang Yehuwah, nanging pandongane wong temen ndadekake keparenge.


Sakehing panggawemu pasrahna marang Pangeran Yehuwah, temah sakehe rancanganmu bakal kelakon.


Manukku dara ana ing lowahan-lowahaning parang, ana ing pandhelikan ing ereng-erenging gunung, pamerna paraupanmu, wetokna suwaramu; amarga arum suwaramu, lan endah warnamu!”


Layang pratandha iku sawuse dakpasrahake marang Barukh bin Neria, aku nuli ndedonga, aturku:


Sesambata marang Ingsun, Ingsun mesthi bakal maringi wangsulan marang sira, lan Ingsun bakal paring sumurup marang sira, prakara-prakara kang gedhe lan kang sinamar, yaiku bab-bab kang ora sira sumurupi.


Sang Sadrakh, Sang Mesakh lan Sang Abednego banjur munjuk marang Sang Prabu Nebukadnezar: “Boten wonten ginanipun abdi dalem kawula sami ngunjukaken wangsulan ing bab punika dhumateng gusti kawula.


Awit saka iku Sang Prabu Dharius banjur damel layang prentah larangan iku.


Anadene manawa kowe padha kalakon diladekake, aja padha sumelang ing bab kapriye lan apa kang bakal kok aturake, amarga iku kabeh sanalika iku uga bakal kaparingake marang kowe.


Sabanjure kang kasebar ing eren, yaiku wong kang ngrungokake pangandika, banjur sumelanging donya lan daya pamblithuking kasugihan padha ngendhih pangandika mau, temahan ora metu wohe.


Mulane aja padha sumelang ing bab dina sesuk, amarga dina sesuk iku kadunungan kasusahan dhewe. Kasusahan sadina, wus cukup kanggo sadina.”


Dadi aja tiru-tiru wong iku, awit Ramamu mirsa apa sing kokbutuhake, sadurunge kowe matur.


Nanging Gusti mangsuli, pangandikane: “Marta, Marta, kowe iku nyumelangake lan nggrantesake prakara akeh,


Gusti Yesus banjur ngandika marang para sakabate: “Mulane Aku pitutur marang kowe: Aja padha sumelang ing bab uripmu, apa kang bakal kokpangan, lan aja sumelang ing bab awakmu, apa kang bakal koksandhang.


Mulane aja padha mrihatinake apa kang bakal kokpangan lan kokombe sarta aja melang-melang.


Gusti Yesus paring pasemon marang para sakabate, kang wose supaya tansah padha ndedonga, aja nganti bosen.


Apa Gusti Allah ora bakal maringi adil marang para pepilihane kang rina wengi padha sesambat marang Panjenengane? Lan apa Panjenengane anggone arep paring pitulungan diundur-undur?


Manawa nalikane kowe katimbalan dadi batur tukon, iku aja kokgrantesake! Nanging manawa kowe bisa dimerdikakake iya gelema.


Kang dakkarepake, supaya kowe padha urip tanpa was-sumelang. Wong lanang kang ora sesomahan, ngelengake kang mungguh ing Gusti, kapriye murih dadi keparenge Gusti.


marga kowe uga mbiyantu aku kabeh kanthi pandonga, supaya akeh wong kang padha saos sokur mungguhing sih-rahmat kang kaparingake marang aku kabeh, marga saka akehe pandongane tumrap aku.


Tansah caosa sokur marang Gusti Allah Sang Rama kita tumrap samubarang kabeh atas asmane Gusti kita Yesus Kristus,


ing sajroning pandonga lan panyuwunmu kabeh. Padha tansah ndedongaa ana ing patunggilaning Roh, sarta padha meleka lan ditegen anggonmu padha nyenyuwun kanggo para suci;


Muga tentrem-rahayune Gusti Kristus ngereh ana ing sajroning atimu, marga iya kaya mangkono iku anggonmu padha katimbalan dadi badan siji. Sarta saosa sokur.


Lan sadhengah apa kang koktindakake kalawan tembung utawa kalawan panggawe, iku kabeh lakonana atas asmane Gusti Yesus, kambia saos sokur marang Gusti Allah, Rama kita lumantar Panjenengane.


Sing tegen ndedonga, lan sajrone mangkono iku meleka kambi saos sokur.


Kang dhisik dhewe dakpituturake: Padha ngaturna panyuwun, pandonga, lan pamuji sokur tumrap ing wong kabeh,


Dene randha kang pancen randha temenan, kang ketrini, iku duwe pangarep-arep marang Gusti Allah lan tansah nenuwun lan ndedonga rina wengi.


Kawusanane samubarang kabeh wis cedhak. Marga saka iku dibisa ngemudheni dhirimu sarta disareh, supaya kowe padha bisa ndedonga.


Sakabehing sumelangmu pasrahna marang Panjenengane, sabab Panjenengane kang ngopeni kowe kabeh.


Nanging Hana mangsuli: “Boten dhuh Rama, kula satunggiling tiyang estri ingkang saweg nandhang sisah sanget; kula boten ngombe anggur utawi minuman ingkang mendemi, nanging ngesokaken isining manah kawula wonten ing ngarsanipun Sang Yehuwah.


Lan Sang Dawud wis kepepet banget, amarga balane wis padha rasanan arep mbenturi watu. Wong kabeh padha susah banget atine, jalaran saka bojone lan anake lanang-wadon. Nanging Sang Dawud nyantosakake piandele marang Sang Yehuwah, Gusti Allahe.


Nabi Samuel banjur mundhut watu lan diadegake ana ing antarane Mizpa lan Yesana, panjenengane maringi jeneng iku: Eben-Haezer, pangandikane: “Sang Yehuwah wus mitulungi kita tekan ing kene!”


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan