Mulane Aku pitutur marang kowe: Aja padha sumelang ing bab uripmu, bab apa kang bakal kokpangan utawa kokombe, lan bab badanmu, apa kang bakal kokanggo. Ajine urip iku apa ora ngungkuli pangan, lan ajine badan ngungkuli sandhangan?
“Padha jaganen awakmu dhewe, atimu aja nganti kabotan dening pista gedhen lan mendem, tuwin dening kasusahaning ngaurip sarta supaya Dinaning Pangeran mau aja nganti tumempuh marang kowe kalawan dadakan kayadene kalajiret.
Bab anane prakara kang tuwuh ana ing antaramu iku bae, wus nelakake anggonmu padha kuciwa. Yagene kowe ora milaur nrima digawe sawenang-wenang? Yagene kowe ora nrima ketunan?
Mulane manawa pangan dadi sesandhungan tumrap sadulurku, ing salawase aku ora arep mangan daging maneh, supaya aja nganti dadi sesandhungan tumrap sadulurku.
Saben wong kang melu balapan, iku njaga dhirine ing samubarang prakara. Wong mau padha tumindak mangkono supaya oleha makutha kang kena ing rusak; balik kita padha ngarah bisaa oleh makutha kang langgeng.
Aku Paulus, wong kang ora wani apa-apa yen adu-arep karo kowe, nanging wani marang kowe yen adoh, aku ngelingake kowe demi Sang Kristus kang alus panggalihe lan rumaket.
supaya kowe aja padha enggal-enggal bingung lan kuwatir, marga saka wangsiting roh utawa marga saka pakabaran lan apa marga saka layang kang diakokake saka aku kabeh, kaya-kaya wus tumeka ing dinane Gusti.
Kita aja ngedohi pakumpulan-pakumpulan pangibadah kita, kaya pakulinane sawenehing wong, ananging payo padha eling-ingelingake, sarta ngarepake dinaning Gusti kang saya cedhak iki disaya mempeng anggon kita tumindak ing gawe.
Dene para nabi iku padha niti-priksa: jaman apa sarta kapriye karsane Rohe Sang Kristus, kang ana ing batine, yaiku Roh kang sadurunge paring paseksen bab sakehing kasangsaran kang bakal tumempuh marang Sang Kristus sarta bab sakehing kamulyan ing sawise iku.