Watara wayah tengah bengi Rasul Paulus lan Silas padha ndedonga kalawan ngidungake pamuji marang Gusti Allah, dene wong ukuman liyane padha ngrungokake.
kaya wong kang sedhih, nanging tansah bungah-bungah, kaya wong kang mlarat nanging nyugihake wong akeh; kaya wong kang ora duwe apa-apa, nanging aku padha nduweni samubarang kabeh.
Nanging sanadyan, ta, aku kabeh, utawa sawijining malaekat saka ing swarga martakake marang kowe injil kang beda karo Injil kang wus padha dakwartakake marang kowe, iku kenaa ing laknat!
Malah padha bungaha, iku tampanana minangka panduman ing bab sangsarane Gusti Kristus, supaya kowe uga kepareng bungah sarta sukarena besuk samangsa Panjenengane mbabar kamulyane.