FILIPI 4:3 - Kitab Sutji3 Lan aku uga duwe panjaluk marang kowe, Sunsugos, kancaku kang tumemen: iku padha tulungana. Awit wong iku wus padha tarung bebarengan karo aku ana ing pakabaran Injil, sarta bebarengan karo Klemens lan kanca-kancaku nyambutgawe liyane, kang jenenge padha kapacak ana ing buku kauripan. Faic an caibideil |
Ingsun bakal ngacungake astaningSun nglawan para nabi kang ndeleng prakara kang ora nyata lan kang ngucapake pameca-pameca kang goroh, wong-wong iku ora klebu ing golonganing umatingSun lan ora bakal kapengetan dadi turuning Israel, lan ora bakal lumebu maneh ing tanah Israel, sarta sira bakal sumurup, manawa Ingsun iki Pangeran Yehuwah.
“Ing nalika iku uga Sang Mikhael, pemimpin agung iku, bakal rawuh ngamping-ampingi turune bangsamu, lan bakal ana mangsa karubedan kang gedhe, kang durung tau kelakon wiwit anane bangsa-bangsa nganti tumeka ing wektu iku. Nanging nalika iku bangsamu bakal bisa oncat, yaiku sing sapa jenenge katulis ana ing Kitab iku.
Kewan kang kokdeleng iku maune ana, nanging saiki ora ana, lan bakal njedhul saka ing teleng, sarta marani ing karusakan. Anadene para kang manggon ana ing bumi, kang jenenge ora katulisan ing buku kauripan wiwit jagad tinalesan, iku bakal padha kaeraman, samangsa padha weruh si kewan, dene maune ana saiki ora ana, mangka bakal ana maneh.