FILIPI 4:19 - Kitab Sutji19 Gusti Allahku bakal nyekapi kabeh kabutuhanmu laras karo kasugihaning kamulyane ana ing Sang Kristus Yesus. Faic an caibideil |
Kangge ngicali luwenipun sami Paduka paringi roti ingkang saking ing langit sarta kangge ngicali ngelakipun Paduka angsalaken toya medal saking redi parang. Punapadene Paduka dhawuhi nglebeti lan ngejegi nagari ingkang sampun Paduka janjekaken kalayan supaos badhe Paduka paringaken dhateng para leluhur kawula.
Sira padha nggawaa pisungsung prasepuluhan kabeh menyang ing gedhong parawatan, supaya ing padalemaningSun anaa tandhon pangan; tumuli Ingsun titi-priksanen, – mangkono pangandikane Sang Yehuwah Gustine sarwa dumadi, – apa sira ora Sunwengani inebe langit, sarta apa Ingsun ora ngesoki berkah marang sira nganti luber?
Aku sumelang manawa aku teka maneh, Allahku bakal ngesorake aku ana ing ngarepmu, sarta aku bakal ngrudatin awit dening wong akeh kang ing wektu kapungkur padha nglakoni dosa lan aku bakal susah banget, marga anane wong akeh, kang dhek biyen padha nglakoni dosa mangka durung mratobat, ninggal panggawe kang jember, laku jina lan pamblunthah kang padha dilakoni.