Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




FILIPI 4:18 - Kitab Sutji

18 Saiki aku wus tampa kabeh kang prelu saka kowe, malah luwih saka iku, aku kaluberan, awit aku wus tampa kirimanmu lumantar Epafrodhitus, pisungsung kang arum, korban sesaosan kang nengsemake lan ndadekake renaning Allah.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




FILIPI 4:18
15 Iomraidhean Croise  

Wedhus lanang iku kabeh banjur kaobonga ana ing misbyah, iku kurban obaran, pisungsung arum kang konjuk marang Pangeran Yehuwah, yaiku kurban geni kang kasaosake marang Pangeran Yehuwah.


sarta sira padha arep nyaosake kurban genenan marang Sang Yehuwah, kurban obaran utawa kurban sembelehan, kanggo ngluwari punagi, utawa kanggo pisungsung manasuka, apadene ing dina riyayanira, minangka ganda arum konjuk marang Pangeran Yehuwah kang arupa sapi utawa wedhus,


piring siji bobot sepuluh sekel emas, kebak isi dupa;


Kornelius mandeng marang malaekat mau lan matur kalawan wedi: “Wonten punapa, Gusti?” Paring wangsulane malaekat mau: “Kabeh pandongamu lan sedhekahmu wus padha sumengka marang ing ngarsaning Allah sarta Gusti Allah enget marang kowe.


Kang iku para sadulur, marga saka sih-kamirahane Gusti Allah, aku pitutur marang kowe, padha nyaosna badanmu minangka kurban kang urip lan suci, sarta kang dadi keparenge Gusti Allah: yaiku pangibadahmu kang sajati.


Pasamuwan-pasamuwan liya wus dakrampog srana nampani pitulunge, supaya aku bisa ngladeni kowe!


Awit ayahan katresnan kang isi pitulungan iki ora mung nyukupi kabutuhane para suci bae, nanging uga ngluberake pamuji sokur marang Gusti Allah.


lan padha lumakua ing katresnan, kayadene Sang Kristus Yesus uga wus ngasihi kowe kabeh lan masrahake sarirane kanggo kita minangka pisungsung lan korban kang arum kagem Gusti Allah.


Aku ngreti kacingkrangan iku apa lan iya ngreti kaluberan iku apa. Ing sadhengah bab lan ing sadhengah prakara ora ana kang winadi tumrap aku; ing bab kawaregan, ing bab kaluwen, ing bab kaluberan apa ing bab kekurangan.


Aku padha kawajiban tansah saos sokur marang Allah marga saka kowe kabeh, para sadulur. Lan pancen kudune mangkono, awit pracayamu saya mundhak-mundhak lan anggonmu padha tresna-tinresnan saya banget


Sarta aja lali nindakake kabecikan lan aweh pitulungan, jalaran iya kurban-kurban kang mangkono iku kang ndadekake keparenge Gusti Allah.


sarta kowe dhewe iya padha dikaya watu urip, kang dianggo mbangun padaleman kasukman minangka kaimaman kang suci, kang nyaosake pisungsung kasukman kang katrimah ing Allah marga dening Gusti Yesus Kristus.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan