Rasul Paulus lan Silas tumuli padha nratas ing kutha Amfipolis lan kutha Apolonia, banjur tekan ing kutha Tesalonika. Ing kono ana papan pangibadahe wong Yahudi.
Awit mesthine kowe isih padha kelingan, para sadulur, marang kangelan lan rekasaku kabeh. Anggonku padha nggelarake Injiling Allah marang kowe iku, supaya aja ngreribedi wong sawiji-wijia panunggalanmu, padha dakkantheni nyambut-gawe rina wengi.
Sarta wong-wong kita cikben iya padha nggegulang nglakoni panggawe becik, supaya bisa nyukupi kabutuhaning urip kang baku, amrih uripe aja nganti tanpa guna.