Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




FILIPI 4:15 - Kitab Sutji

15 Lan kowe dhewe uga padha sumurup, he wong-wong Filipi, nalikane aku miwiti ngabarake Injil, nalikane aku mangkat saka ing tanah Makedhonia, ora ana pasamuwan siji-sijia kang etung-etungan karo aku bab mlebu-metuning dhuwit, kajaba kowe.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




FILIPI 4:15
12 Iomraidhean Croise  

Nanging Nabi Elisa mangsuli, ature: “Dhemi Pangeran Yehuwah ingkang gesang, ingkang kula ladosi wonten ing ngarsanipun, kula saestu boten badhe nampeni punapa-punapa.” Lan sanadyan Sang Naaman adreng pamundhute, supaya karsaa nampeni, nanging Nabi Elisa tetep ora karsa.


Bareng tindake Sang Naaman wus sawetara dohe, Gehazi, rencange Nabi Elisa, abdining Allah, mikir-mikir mangkene: “Bendaraku iku kebangeten anggone ering marang Sang Naaman, priyagung ing Aram iki, nganti ora karsa nampeni atur-atur kang diasta. Dhemi Pangeran Yehuwah kang gesang, lah aku arep mlayu nututi panjenengane lan bakal nyuwun apa-apa.”


Karone banjur nilar pakunjaran lan tindak menyang ing omahe Lidhia, manggihi para sadulur ing kono sarta sawuse paring panglipur, banjur padha tindak.


Sabab para sadulur ing tanah Makedhonia lan ing Akhaya wus padha mrayogakake kirim apa-apa marang wong-wong kang padha miskin panunggalane para suci ing Yerusalem.


Kang dakkarepake, para sadulur, supaya kowe padha sumurup, manawa apa kang tumiba marang aku iki, malah wus ndadekake kamajuaning Injil,


Wong iki padha martakake Sang Kristus marga saka tresna, awit padha ngreti, manawa aku ana ing kene prelu mbelani Injil,


Aku ngunjukake panuwun marang Allahku marga saka anggonmu padha tetunggalan ing bab Kabar Injil wiwit ing dina wiwitan nganti saprene.


Pancen wus sapantese manawa aku duwe pangrasa mangkono tumraping kowe kabeh, awit kowe padha klebu ing atiku, amarga kowe kabeh padha oleh panduman ing sajroning sih-rahmat kang diparingake marang aku, iya nalikane aku dikunjara, iya nalikane mbelani sarta nyantosakake Injil.


He para sadulur kang kinasih, kowe iku tansah padha mituhu, mulane padha tansah udinen karahayonmu kalawan wedi lan geter, ora mung kaya nalikane aku isih ana ing tengah-tengahmu, nanging luwih-luwih saiki ing wektu aku adoh karo kowe;


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan