Wangsulane bandarane: Becik banget pagaweanmu iku, heh, batur kang becik lan tumemen; kowe wis ngatonake tumemenmu tumrap prakara sapele, kowe bakal dakpasrahi nindakake prakara gedhe; mara, lumebua lan melua ngrasakake kamuktening bandaramu.
Iku mau pancen wis dadi golong-giliging rembuge, nanging bab iku pancen wus dadi kuwajibane. Sabab, manawa bangsa-bangsa liya wis padha tampa panduman bandhane kasukman wong Yahudi, bangsa-bangsa mau iya wajib leladi uga marang wong Yahudi kalawan bandhane kadonyan.
Pancen wus sapantese manawa aku duwe pangrasa mangkono tumraping kowe kabeh, awit kowe padha klebu ing atiku, amarga kowe kabeh padha oleh panduman ing sajroning sih-rahmat kang diparingake marang aku, iya nalikane aku dikunjara, iya nalikane mbelani sarta nyantosakake Injil.
Saiki aku wus tampa kabeh kang prelu saka kowe, malah luwih saka iku, aku kaluberan, awit aku wus tampa kirimanmu lumantar Epafrodhitus, pisungsung kang arum, korban sesaosan kang nengsemake lan ndadekake renaning Allah.
Kowe pancen padha mbelani nandhang sangsara marang wong kang padha dikunjara sarta nalika barang darbekmu dirampog, kowe narima kanthi bungah, amarga kowe padha sumurup, manawa kowe nduweni bandha kang luwih becik sarta kang asipat langgeng.
Aku, Yokanan, sadulur lan panunggalanmu ing sajroning kasusahan, ing sajroning Karajan sarta ing sajroning kamantepan nganti-anti marang Gusti Yesus, lagi ana ing pulo kang aran Patmos marga saka pangandikane Gusti Allah lan paseksen kang kaparingake dening Gusti Yesus.