sira aja wedi, sabab Ingsun nganthi marang sira, sira aja melang-melang, awit Ingsun iki Allahira. Ingsun bakal nyantosakake, malah bakal mitulungi sira; Ingsun bakal nganthi sira kalawan astaningSun tengen kang njalari menang.
kalawan celathu: Kaadilan lan kasantosan iku mung tinemu ana ing Pangeran Yehuwah. Sakehe wong kang wus nepsu marang Panjenengane bakal padha sowan ing ngarsane lan bakal nandhang wirang,
Manawa kowe padha tetep dumunung ana ing Aku lan pituturKu tetep dumunung ana ing kowe, padha nyenyuwuna apa bae kang kokkarepake mesthi bakal katurutan.
lan maneh kowe padha kasantosakna sarana kakuwatan panguwasaning kamulyane Pangeran, supaya bab anggonmu ngrasakake samubarang kabeh kalawan tumemen lan sabar.
Aku saos sokur marang Panjenengane, kang nyantosakake aku, yaiku Gusti Kristus Yesus, Gusti kita, amarga Panjenengane karsa nganggep aku tumemen, sarta banjur kaparingan bubuhan leladi iki,