Yakub banjur nglairake punagi: “Manawa Gusti Allah nunggil lan ngreksa aku ing saurute dalan kang dakambah, sarta maringi roti kang dakpangan, apa maneh sandhangan kang dakanggo,
Para prajurit uga matur pitakon: “Lah kula, punapa ingkang kedah sami kula lampahi?” Paring wangsulane Nabi Yokanan: “Aja ngrampas lan aja memeres, nrimaa ing blanjamu dhewe.”
kaya wong kang sedhih, nanging tansah bungah-bungah, kaya wong kang mlarat nanging nyugihake wong akeh; kaya wong kang ora duwe apa-apa, nanging aku padha nduweni samubarang kabeh.
Marga kowe wus padha sumurup marang sih-rahmate Gusti kita Yesus Kristus, yaiku manawa Panjenengane, kang amarga saka kowe dadi mlarat, sanadyan Panjenengane iku sugih, supaya kowe dadia sugih marga kamlaratane.
Lan Gusti Allah kuwaos ngluberake sawernaning sih-rahmat marang kowe kabeh, supaya kowe padha tansah kacukupan ing samubarang lan padha linuwiha anggonmu nglakoni sarupaning panggawe becik.
Malah samubarang kabeh dakanggep kapitunan, marga wanuh marang Sang Kristus Yesus, Gustiku, iku mulyane ngungkuli kabeh-kabeh mau. Iya marga saka Panjenengane iku aku wus mbuwang samubarang kabeh iku lan dakanggep larahan, supaya aku oleh Sang Kristus
Kowe pancen padha mbelani nandhang sangsara marang wong kang padha dikunjara sarta nalika barang darbekmu dirampog, kowe narima kanthi bungah, amarga kowe padha sumurup, manawa kowe nduweni bandha kang luwih becik sarta kang asipat langgeng.