Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




FILIPI 3:8 - Kitab Sutji

8 Malah samubarang kabeh dakanggep kapitunan, marga wanuh marang Sang Kristus Yesus, Gustiku, iku mulyane ngungkuli kabeh-kabeh mau. Iya marga saka Panjenengane iku aku wus mbuwang samubarang kabeh iku lan dakanggep larahan, supaya aku oleh Sang Kristus

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




FILIPI 3:8
53 Iomraidhean Croise  

mulane Ingsun bakal ndhatengake bilai marang turune Yerobeam. Ingsun bakal nyirnakake saben wong lanang saka turune Yerobeam, kang dhuwur lan kang endhek pangkate ana ing Israel. Ingsun bakal nyaponi turune Yerobeam kaya patrape wong nyaponi sesuker nganti resik.


anadene jisime Izebel iku bakal dumunung ana ing pakebonan ing sajabane Yizreel kaya dene rabuk ing pategalan, satemah ora ana wong kang bisa ngarani: Iki Sang Putri Izebel.”


nanging bakal lebur ing salawase kayadene sesukere dhewe; wong kang tau ndeleng dheweke padha takon: Ana ngendi wong iku?


Wong kang lumaku maju kalawan nangis kambi nyebar wiji, mulihe mesthi kalawan surak-surak karo ngusung gedhengane.


Wonten ing swarga kawula nggadhahi sinten malih kejawi Paduka? Wonten ing bumi kawula boten melik punapa-punapa kejawi Paduka.


Sawuse nyawane nandhang sungkawa Panjenengane bakal mirsani pepadhang nganti tuwuk; tuwin AbdiningSun iku, sarehne wong bener, bakal ngleresake wong akeh kalawan kawicaksanane, lan ngrembat pialane wong-wong mau.


Lah tanganira bakal Sunkethok, sarta rainira Sunpopok sesuker, yaiku tlethonge sembelehane riyayanira, banjur sira padha kagered menyang ing sesuker iku.


Sira bakal padha ora kelakon lumebu ing tanah kang wus Sunprasetyakake kalawan supaos yen bakal padha sira enggoni, kajaba mung Kaleb bin Yefune lan Yusak bin Nun.


Sapa ta aku iki, dene nganti karawuhan ibune Gustiku?


Nanging manawa Aku nundhung dhemit nganggo panguwasaning Allah, dadine Kratoning Allah wis nekani kowe.


Ing wektu iku kowe bakal padha nyumurupi, yen Aku ana ing RamaKu lan kowe padha ana ing Aku, tuwin Aku ana ing kowe.


Manawa kowe padha wanuha marang Aku, mesthi kowe kabeh iya wanuh marang RamaKu. Wiwit saiki kowe padha wanuh marang Panjenengane sarta wus padha ndeleng marang Panjenengane.”


Wong-wong iku tumindak mangkono, awit ora padha wanuh marang Sang Rama lan uga ora wanuh marang Aku.


Wondene menggah gesang langgeng punika manawi tiyang sami wanuh kaliyan Paduka, Allah ingkang sajati piyambak, sarta dhateng Yesus Kristus utusan Paduka.


Amargi sadaya Pangandika ingkang Paduka paringaken dhateng Kawula punika sampun Kawula tampekaken dhateng tiyang-tiyang wau saha sampun dipun tampeni. Punapadene sampun sami sumerep saestu, bilih pinangka Kawula punika saking Paduka lan sami pitados, bilih Paduka ingkang ngutus Kawula.


Malaekat iku banjur padha ngandika marang Maryam: “Ibu, kena apa kowe nangis?” Ature Maryam: “Gusti kula dipun pendhet tiyang lan kula boten sumerep wonten ing pundi anggenipun nyarekaken.”


Tomas mangsuli, unjuke: “Dhuh Gusti kawula, Allah kawula!”


Ananging aku sathithik bae ora ngetung marang nyawaku, angger aku bisa nutugake lakuku lan ngrampungake bubuhan kang kaparingake marang aku dening Gusti Yesus, iya iku nekseni bab Injile sih-rahmating Allah.


Sabab aku yakin, yen sangsara ing jaman saiki iku ora paja-paja timbang yen katandhing karo kamulyan kang bakal kalairake marang kita.


apa para panguwasa kang ana ing dhuwur utawa ing ngisor, lan sadhengah titah liyane, ora bakal bisa megatake kita saka ing sihe Gusti Allah, kang ana ing Sang Kristus Yesus, Gusti kita.


Sabab aku ora duwe sedya nyumurupi apa-apa ana ing antaramu kajaba Gusti Yesus Kristus, yaiku Panjenengane kang sinalib.


Apa kita kang kinarsakake? Iya, bab iki katulis kanggo kita, yaiku: kang mluku iya kudu mluku kanthi pangarep-arep, lan kang nggiling iya kudu nggiling kanthi pangarep-arep olehe pandumane.


yaiku wong kang ora pracaya, kang angen-angene wus dipicakake dening allahe jaman iki, temahan wong mau ora padha ndeleng cahyaning Injile kamulyane Sang Kristus, kang dadi citrane Gusti Allah.


Awit Gusti Allah kang wus ngandika, “Saka ing pepeteng bakal ana pepadhang kang sumorot!”, iku uga kang nyorotake pepadhang ana ing ati kita, supaya kita kapadhangan ing kawruh bab kamulyane Gusti Allah kang katingal ana ing wedanane Sang Kristus.


kepareng mbabarake Kang Putra ana ing aku, supaya aku martakake Panjenengane ana ing antarane bangsa-bangsa kang dudu bangsa Yahudi, aku ora njaluk tetimbanganing manungsa;


nganti kita kabeh wus padha bisa nggayuh manunggaling pracaya lan kawruh kang bener tumrap Putraning Allah, kadiwasan kang sampurna, lan tataran kang cundhuk karo kasampurnaning Sang Kristus,


Saka Paulus lan Timoteus abdi-abdine Sang Kristus Yesus marang sakehing para suci ana ing sajroning Sang Kristus Yesus kang ana ing kutha Filipi lan para juru pamomong sarta para juru pamulasara.


Kang dakkarepake yaiku wanuh marang Panjenengane lan dayane wungune lan manunggil ing sajrone sangsarane, temahan aku dadi madha rupa lan Panjenengane ana ing sedane,


Ora kok kaya-kaya aku wus kadunungan bab iki utawa wus sampurna, nanging iku dakburu, bokmanawa bisa kecandhak, awit aku iya wus dicandhak dening Sang Kristus Yesus.


Nanging apa kang biyen dadi kabegjan tumraping aku, saiki dakanggep kapitunan marga saka Sang Kristus.


Dene mungguh aku iki, getihku wus wiwit kaesokake minangka pisungsung sarta wektu anggonku bakal ngajal wus cedhak.


Jalaran kita wus oleh panduman ana ing Sang Kristus, angger kia padha ngukuhi ing kayakinaning pracaya kita kang wiwitan, nganti tumeka ing wekasan.


Wondene anggone kasebut aji iku tumraping kowe kang padha pracaya. Nanging tumrap kang padha ora pracaya: “Watu kang ditampik dening para juru gawe omah, iku wus dadi watu pojokan, apadene iya wus dadi watu sandhungan lan parang patanggoran.”


Sih-rahmat lan tentrem-rahayu ngluberana ing kowe kabeh, marga saka anggonmu padha wanuh marang Gusti Allah sarta marang Gusti Yesus, Gusti kita.


Marga saka panguwasane kaallahane, kita wis padha kaparingan samubarang kang prelu tumrap ing urip kang mursid, srana wanuh marang Panjenengane kang wis nimbali kita marga saka panguwaose kang mulya lan ngeram-eramake.


Jalaran manawa kowe padha kadunungan iku mau kabeh nganti luber, kowe mesthi bakal dadi mempeng ing panggawe sarta banjur metu wohe anggonmu wanuh marang Gusti Yesus Kristus, Gusti kita iku.


Malah padha mundhak-mundhaka ing sih-rahmat sarta ing pangawruh marang Gusti lan Sang Juruwilujeng kita, Gusti Yesus Kristus. Panjenengane kang sayogya kagungan kamulyan ing samengko nganti tumeka ing salawas-lawase.


Kang wus padha dakdeleng lan dakrungu iku mau iya dakwartakake marang kowe, supaya kowe uga bisaa tetunggalan karo aku kabeh. Lan anggonku padha tetunggalan iku karo Sang Rama lan karo Sang Putra, Gusti Yesus Kristus.


Asale Anti-Kristus iku pancen saka ing antara kita, nanging sanyatane padha dudu panunggalan kita; awit saupama temen-temen dadia panunggalan kita, mesthi padha tetep nunggal karo kita. Nanging kelakone iku supaya tetelaa yen dheweke ora kabeh nyata dadi panunggalan kita.


Nanging kita padha sumurup, yen Putraning Allah wus rawuh sarta wus maringi pangreten marang kita, supaya kita padha wanuh marang Kang Sajati. Lan kita dumunung ana ing Kang Sajati, ana ing patunggilane Kang Putra Gusti Yesus Kristus, Panjenengane iku Allah Sajati lan gesang kang langgeng.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan