Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




FILIPI 3:6 - Kitab Sutji

6 mungguhing kasregepan aku iki tukang nguya-uya pasamuwan, mungguhing kanyataan bab netepi angger-anggering Toret aku tanpa cacad.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




FILIPI 3:6
25 Iomraidhean Croise  

Sang Prabu banjur nimbali wong-wong Gibeon sarta dipangandikani: – wong Gibeon iku ora padha kagolong bangsa Israel, nanging klebu kekarene bangsa Amori, mangka wong Israel wus padha prajanji klawan supata, ewadene Sang Prabu Saul marga saka mempenge anggone tumindak kanggo wong Israel lan wong Yehuda banjur ngudi sirnane wong-wong mau. –


Pangandikane Sang Prabu Yehu: “Ayo aku dherekna, supaya kowe nyumurupi anggonku kalawan mempeng tumindak kagem Sang Yehuwah.” Dadine Sang Prabu Yehu kadherekake Yonadab ana ing titihane kreta.


Aja banget-banget anggonmu mursid, aja banget-banget anggonmu tumintak wicaksana; yagene kowe arep ngrusak awakmu dhewe?


Nanging manawa daging pendul iku kempes lan malih dadi putih, wonge nuli sebaa marang ing ngarepe imam.


Bilai kowe, heh para ahli Toret lan wong-wong Farisi, heh kowe wong-wong lamis, sabab tuwung lan pinggan padha kokresiki jabane, mangka ing jerone kebak isi rampasan lan kamurkan.


Mulane pituturKu marang kowe: Manawa kasampurnanmu ora ngungkuli kabeneraning para ngulama lan para wong Farisi, kowe mesthi ora bakal lumebu Kratoning Swarga.”


Sakarone padha mursid ana ing ngarsane Allah lan tansah nindakake pepakon lan pranataning Pangeran, ora ana kang luput.


Krungu kang mangkono iku, kabeh padha ngluhurake Gusti Allah. Banjur padha matur marang Rasul Paulus: “Sadherek, panjenengan nguningani, bilih tiyang Yahudi ewon ingkang sampun sami manjing pitados saha sami sregep nabereni ing angger-angger.


Menggah prakawis punika panjenenganipun Imam Agung saha Pradata Pinisepuh sapepakipun sami saged paring paseksen, kula inggih kaparingan serat-serat kangge para sadherek ing kitha Dhamsyik, lajeng kesah mrika badhe nyepengi tiyang-tiyang ing ngriku, ingkang sami ngenut margi punika, sami bahde kula bekta dhateng ing Yerusalem supados sami kaukum.


Sampun dangu sanget anggenipun sami pitepangan kaliyan kawula saha bokbilih purun, sami saged suka paseksen, bilih kawula gesang kadosdene tiyang Farisi manut golongan ingkang keras wonten ing salebeting agami kita.


Nanging Saulus ngudi marang sirnane pasamuwan, saben omah dileboni, wong lanang lan wong wadon padha diglandhangi lan dipasrahake marang ing pakunjaran.


Ing maune aku iki urip tanpa angger-anggering Toret, nanging satekane pepakon mau, dosa wiwit urip,


Kowe aja nganti padha gawe sandhungan, dadia marang wong Yahudi, dadia marang wong Yunani, apadene marang pasamuwane Gusti Allah.


Sabab aku iki kang asor dhewe ing antarane para rasul, ora patut disebut rasul, awit aku wus tau nguya-uya Pasamuwane Gusti Allah.


supaya kowe ora padha kaciren lan ora padha cacad, padha dadi putraning Gusti Allah kang tanpa cacad ing satengahing golongan kang kablinger lan mblasar iki, satemah ana ing satengahing wong-wong iku kowe sumunar kaya lintang-lintang ing jagad,


lan dumunung ana ing Panjenengane iku ora marga saka kabeneranku dhewe kang jalaran saka nglakoni angger-anggering Toret, ananging marga saka pracaya marang Sang Kristus, yaiku kabeneran peparinge Gusti Allah adhedhasar pracaya.


aku kang maune dadi wong kang ngala-ala, nganiaya lan ngrodaparipeksa, nanging aku wus karentahan sih-palimirmane, awit iku kabeh daklakoni marga saka ora ngreti, yaiku jalaran ora pracaya.


Wong ing kutha kono tumuli padha kandha-kandha marang Yoas: “Anakmu gawanen metu arep dakpateni, awit wus mbubrah misbyahe Baal lan ngrubuhake saka brahala kang ana ing sandhinge.”


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan