Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




FILIPI 3:2 - Kitab Sutji

2 Dipadha ngati-ati marang asu-asu, dipadha ngati-ati karo wong-wong kang ala panyambut-gawene, dipadha ngati-ati karo juru netaki kang palsu.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




FILIPI 3:2
31 Iomraidhean Croise  

He para durjana padha sumingkira saka aku, supaya aku netepana pepakone Gusti Allahku.


kakiyatan kawula garing kados beling, ilat kawula kraket ing cethak kawula, sarta Paduka ingkang nyelehaken kawula wonten ing lebuning pejah.


Nanging Paduka, dhuh Yehuwah, mugi Paduka sampun nebih saking kawula; dhuh karosan kawula, mugi enggal karsaa mitulungi kawula!


Kaya asu kang mbaleni utah-utahane, kaya mangkono wong gemblung anggone mbolan-mbaleni kabodhoane.


Ing kono bakal akeh wong kang murtad sarta padha ulung-ingulungake lan sengit-sinengitan.


“Sing waspada marang para kang mindha-mindha nabi, kang padha nekani kowe kanthi nyamur dadi wedhus gembel, mangka sajatine iku asu ajag kang galak.


“Bareng kang suci aja kokwenehake marang asu, lan mutyaramu aja kokuncalake marang ngarepe babi, supaya ora diidak-idak sarta banjur minger nyempal-nyempal kowe.”


Awit kang diarani Yahudi iku dudu tata-laire, lan kang diarani tetak uga dudu tetak ing tata-laire.


Awit wong-wong kang mangkono iku rasul-rasul palsu, wong kang padha tumindak cidra, kang rewa-rewa dadi rasule Sang Kristus.


Para sadulur, kowe wus padha katimbalan, supaya mardika, nanging aja nganti kowe migunakake kamardikan iku dadi dhadhakan tumrap uriping daging, nanging padha laden-linadenana srana katresnan.


Dene manawa kowe padha kerah-kerahan lan padha mangsa-minangsa, padha diawas, aja nganti kowe tumpes-tinumpes.


Sabab tumraping wong-wong kang ana ing Sang Kristus Yesus, bab tetak utawa ora tetak iku ora ana paedahe, ya mung pracaya kang tumindak ing gawe kalawan katresnan.


Wekasane wong-wong iku nemahi karusakan, kang dadi allahe wetenge, kang dadi kamulyane kanisthane, pangangen-angene mung tumuju marang prakara kadonyan.


Awit iya kita iki kang tetakan ing sabenere, kang padha ngabekti dening Rohe Gusti Allah lan nggunggung ana ing Sang Kristus Yesus lan ora ngandel marang prakara-prakara kadagingan


Ana wong sawatara kang wus ngemohi swaraning batine kang becik iku, satemah pracayane ilang.


Ngakune padha wanuh marang Gusti Allah, nanging diselaki kalawan tingkah-lakune, amarga padha alaku rusuh lan duraka sarta ora bisa nindakake samubarang kang becik.


Kaanane wong-wong iku nocogi unine paribasan kang bener mangkene: “Asu mbaleni utah-utahane, sarta babi kang wis adus bali maneh menyang ing pagupakane.”


Amarga ana sawenehing wong kang padha nlusup ing satengahmu, yaiku wong kang wis suwe padha pinesthekake bakal kaukum: para wong duraka kang migunakake sih-rahmate Allah kita kanggo mblunthah, sarta kang nyelaki marang Panguwasa Tunggal lan Gusti kita, Gusti Yesus Kristus.


Ingsun ngudaneni ing kasusahanira lan kamlaratanira, – ananging sira sugih – apadene pangala-alane wong kang ngaku-aku wong Yahudi, mangka sanyatane dudu; dene satemene wong-wong iku paguyubane Iblis.


Nanging para wong kang jirih, lan wong kang ora pracaya, kang ambek nistha, kang mateni wong, kang laku jina, kang olah panenungan, kang nyembah brahala, lan sakehe wong kang para-cidra, iku pandumane ana ing sagara geni lan walirang kang murub; yaiku pati kang kapindho.”


Nanging asu lan juru tenung, tuwin wong-wong kang laku jina, wong gawe pati, lan kang nyembah brahala, sarta sok wonga kang dhemen lan nglakoni para-cidra, iku ana ing sajabaning kutha.


Wruhanira, wong sawatara panunggalaning paguyubane Iblis, yaiku kang padha ngaku-aku Yahudi, mangka sajatine dudu, nanging goroh, iku bakal Sunpasrahake marang sira. Sanyatane wong iku bakal Suntekakake, supaya padha sumungkem ana ing ngarepe sikilira sarta padha ngakoni, yen Ingsun ngasihi sira.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan