Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




FILIPI 3:19 - Kitab Sutji

19 Wekasane wong-wong iku nemahi karusakan, kang dadi allahe wetenge, kang dadi kamulyane kanisthane, pangangen-angene mung tumuju marang prakara kadonyan.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




FILIPI 3:19
52 Iomraidhean Croise  

Dhuh Yehuwah, Paduka mugi karsaa ngluwari kawula kalayan asta Paduka, saking tiyang-tiyang kadonyan punika ingkang pandumanipun wonten ing gesang samangke, padharanipun katuwukana ing simpenan Paduka, satemah anakipun sami tuwuk, sarta tirahanipun katilarna dhateng ing bayi-bayinipun.


Kanggo lurah pasindhen. Kidung piwulange Prabu Dawud,


nanging kula sami badhe nglajengaken nindakaken punapa ingkang sampun kula ucapaken, inggih punika sesaji kurban dhateng raja putri ing langit lan ngaturaken kurban unjuk-unjukan dhateng panjenenganipun, kados ingkang sampun sami kula lampahi, kula piyambak lan leluhur kula, punapadene para ratu saha pengageng kula ing kitha-kithanipun Yehuda lan ing lurung-lurungipun Yerusalem. Nalika samanten kula sami gadhah tetedhan cekap, kula sami rumaos begja lan boten ngalami karibedan.


Sira iku nerak kasuceningSun ana ing satengahe umatingSun mung supaya oleh sair sawatara gegem lan roti sawatara iris kalawan mateni wong-wong kang kudune ora mati lan ngetogake wong-wong padha urip, kang kudune ora urip, marga saka anggonira ngapusi umatingSun, kang gelem ngrungokake ujar goroh.


Sira padha ngombe susune, wulune sira gawe sandhangan, wedhus kang lemu sira beleh, nanging sira ora ngengon wedhus-wedhus iku.


Saya mundhak akeh cacahe, dosane marang Ingsun iya saya wuwuh, kaluhurane bakal Sunijoli kanisthan.


Para panggedhene anggone ngadili marga saka besel, lan para imane anggone mulang marga saka bayaran para nabine anggone nenung marga saka dhuwit, mangka padha sumendhe marang Sang Yehuwah kalawan pangucape: “Pangeran Yehuwah rak ana ing satengah kita! Kita ora bakal katekan bilai!”


Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah tumrap para nabi kang nasarake bangsaku, kang padha ngundhangake tentrem-rahayu, samangsa oleh kang kena dipangan, dene marang wong kang ora menehi apa-apa ing cangkeme, banjur ngumumake perang.


Nanging sira iku padha najisake asmaningSun, amarga sira padha ngira: “Mejane Pangeran iku kena dinajisake, lan dhaharan ing kono kena diremehake.”


Nanging Gusti Yesus banjur mengo sarta ngandika marang Petrus: “Heh, setan, sumingkira. Kowe iku dadi sandhunganKu, sabab kowe ora mikir apa kang kagalih dening Allah, nanging mung sing dipikir dening manungsa.”


Sarta Sang Nata bakal ngandika marang kang ana sisih kiwane: Sumingkira saka ing ngarsaningSun, heh, wong kang padha kena ing laknat, sumingkira menyang ing geni langgeng, kang wis kacawisake kanggo Iblis lan para malaekate.


Nyawaku nuli dakkandhanane: Heh, nyawaku, kowe wis duwe bandha akeh banget, cukup kanggo urip pirang-pirang taun, mulane ngasoa, mangana, ngombea lan seneng-senenga.


“Ana wong sugih kang tansah manganggo jubah wungu lan kain kang alus, sarta saben dina mangun suka ngeram-eramake.


Hakim mau sawatara lawase ora gelem, nanging wasana banjur nggagas mangkene: Sanadyan aku ora wedi marang Gusti Allah lan ora mreduli marang wong siji-sijia,


Sabab wong kang kaya mangkono iku, padha ora leladi marang Sang Kristus, Gusti kita, nanging padha ngawula marang wetenge dhewe. Lan kanthi tembunge kang muluk-muluk lan basane kang manis, padha nindakake apus krama marang kang padha tulus atine.


Lan apa oleh-olehanmu? Kabeh iku njalari kowe saiki banjur padha rumangsa isin amarga wekasane iku pati.


Marga kowe isih wujud manungsa kadagingan. Sabab, manawa ing antaramu tinemu rasa kemeren sarta pasulayan, apa iku ora dadi tandha-yekti, yen kowe kabeh iku manungsa kadagingan tuwin lakumu apa ora cara manungsa?


Ewadene kowe kok padha kumlungkung. Apa ora luwih becik kowe padha prihatin, sarta nyingkirake wong kang duwe pratingkah mangkono mau saka ing tengahmu.


Ora becik gumunggungmu iku. Apa kowe padha ora sumurup, yen ragi sathithik iku rumasuk ing jladren kabeh?


Nanging apa kang daktindakake bakal dakterusake kanggo nyegah marang wong kang padha golek jalaran kanggo nuduhake, yen padha kaya aku sakanca ing sajroning prakara kang bisa diegung-egungake.


Dadi dudu prakara kang aneh, manawa batur-bature uga mindha-mindha dadi abdi-abdine kabeneran. Kawusanane bakal cundhuk karo panggawene.


Sabab wong-wong kang padha tetak iku iya padha ora netepi angger-anggering Toret. Nanging karepe supaya kowe padha tetak amrih wong mau bisa gumunggung ing bab kaananmu lair.


sabab kabeh mburu kabutuhane dhewe dudu kabetahane Sang Kristus Yesus.


Padha nggatekna prakara kang ana ing ngaluhur aja kang ana ing bumi.


Wong-wong iku bakal nglakoni paukuman, nandhang karusakan salawase, diedohake saka ing pangayunaning Pangeran lan saka ing kamulyaning panguwaose


supaya kabeh wong kang ora pracaya marang kayekten lan seneng marang panggawe ala padha diukum.


ing wektu iku si pangawak duraka lagi bakal muncul, nanging nuli bakal katumpes dening Gusti Yesus kalawan ababing tutuke lan bakal kasirnakake, samangsa Panjenengane rawuh maneh.


regejegan ing antarane wong-wong kang pikirane ora waras maneh lan kang wis kelangan kayekten, kang ngira yen pangibadah iku sumbering kauntungan.


seneng cidra, ora mulur budine, kumenthus, milaur nuruti pakareman katimbang karo manut marang Gusti Allah.


Nanging saikine sing kokegungake iku umukmu. Sarupane gumunggung kang kaya mangkono iku luput.


Kayadene dhek biyen ing antarane umate Gusti Allah ana kang ngaku-aku nabi, mangkono ing antaramu iya bakal ana kang ngaku-aku guru, kang padha nylundupake piwulang-piwulang panasaran kang nuntun marang karusakan, malah bakal padha nyelaki Kang Kuwaos, kang wis nebus wong-wong mau lan marga saka iku bakal njalari karusakane dhewe.


sarta bakal ngalami nasib ala minangka pituwasing durakane. Seneng-seneng saben awan kaanggep sawijining kanikmatan. Padha dadi jejember sarta blentong, kang mendem ing sajroning nuruti hawa-nepsune, samasa padha mangan ngombe bebarengan karo kowe kabeh.


Sarta marga saka srakahe, guru-guru palsu iku bakal padha ngudi golek kauntungan saka kowe kabeh kanthi dongeng-dongenge kang ngayawara.


Mangka wong-wong iku padha nyenyamah marang kang ora disumurupi malah kang disumurupi saka watake dhewe, kaya patrape kewan kang tanpa budi, iku kang njalari karusakane.


Iku wong kang padha grundelan lan ora nrima ing pepesthen, urip nuruti hawa-nepsu, nanging cangkeme padha ngucapake tembung-tembung kang ngayawara, ngonggrong wong, supaya oleh kauntungan.


Amarga ana sawenehing wong kang padha nlusup ing satengahmu, yaiku wong kang wis suwe padha pinesthekake bakal kaukum: para wong duraka kang migunakake sih-rahmate Allah kita kanggo mblunthah, sarta kang nyelaki marang Panguwasa Tunggal lan Gusti kita, Gusti Yesus Kristus.


patrapana panyiksa lan kaprihatinan, kayadene anggone wus ngrasakake kaluhuran lan kamukten. Sabab osiking atine mangkene: Aku lungguh ing dhampar kaya ratu, aku dudu randha, lan aku ora bakal tau prihatin.


Si kewan tumuli kacekel, dalah kang ngaku-aku nabi, kang wus nindakake mukjijat ana ing ngarepe, kagawe srana nasarake wong kang wus padha nampani cirine si kewan lan padha sujud marang recane. Sakarone padha kacemplungake ing sagara geni kang murub nganggo welirang urip-uripan.


Nanging para wong kang jirih, lan wong kang ora pracaya, kang ambek nistha, kang mateni wong, kang laku jina, kang olah panenungan, kang nyembah brahala, lan sakehe wong kang para-cidra, iku pandumane ana ing sagara geni lan walirang kang murub; yaiku pati kang kapindho.”


Nanging asu lan juru tenung, tuwin wong-wong kang laku jina, wong gawe pati, lan kang nyembah brahala, sarta sok wonga kang dhemen lan nglakoni para-cidra, iku ana ing sajabaning kutha.


Geneya sira tumindak kethaha marang kurban sembelehan lan kurban dhaharaningSun, kang wus Sundhawuhake lan geneya anggonira ngajeni anak-anakira ngungkuli Ingsun, karo nglelemu awakira klawan perangan kang becik dhewe, saka sadhengahing kurbane dhaharan umatingSun Israel?


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan