Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




FILIPI 3:18 - Kitab Sutji

18 Awit, kaya kang wus kerep banget dakkandhakake marang kowe kabeh, lan kang saiki dakpratelakake maneh kalawan nangis, akeh wong kang uripe dadi satruning salibe Sang Kristus.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




FILIPI 3:18
30 Iomraidhean Croise  

Luh kawula crocosan kados ilining toya, awit tiyang sami boten netepi angger-angger Paduka.


Amarga mangkene pangandikane Sang Yehuwah marang aku, nalika aku dicepeng kalawan astane kang rosa, supaya aja nulad tingkah-polahe bangsa iki:


Manawa kowe padha lumuh ngrungokake, aku bakal nangis ana ing pasingidan marga saka gumunggungmu, luhku bakal kembeng-kembeng, malah nganti crocosan, jalaran pepanthaning wedhuse Sang Yehuwah digiring dadi boyongan.


Saupama sirahku kebak banyu, lan mripatku dadi sumbering luh, mesthi rina-wengi anggonku nangisi patine para bocahe wadon bangsaku.


Ing samengko ingsun, Nebukadnezar, memuji, ngluhurake lan mulyakake Sang Prabu ing Swarga, kang sakehing pandamele bener lan sapangrehe kabeh padha adil, sarta kwaos ngesorake wong-wong kang gumunggung.


manuk unta, manuk uwek, manuk dares lan bangsa alap-alap sapepadhane,


Manawa miturut papriksane imam merkutuke iku saya mremen, wonge banjur katetepna najise dening imam: iku memala saraat.


Bareng tindake wis saya cedhak lan mirsa kutha iku banjur dimuwuni,


anggonku kalawan andhap asor ngabdi marang Gusti. Sajroning pangabdi iku aku kerep banget ngetokake eluh nganti carocosan sarta ngalami pangrencanane wong Yahudi pirang-pirang, kang arep mateni aku.


manawa aku nandhang prihatin banget, lan tansah sedhih.


Awit pawarta bab salib iku pancen dadi kabodhoan tumrape wong kang bakal padha tiwas, nanging kanggo kita kang padha kapitulungan rahayu, dadi sawab kang saka Gusti Allah.


Utawa kowe padha ora sumurup, yen wong kang padha ora adil iku bakal ora tampa panduman warisan Kratoning Allah? Aja padha kesasar. Wong kang laku jina, nyembah brahala, laku bedhang, dadi gemblak, laku jindik,


Awit wong-wong kang mangkono iku rasul-rasul palsu, wong kang padha tumindak cidra, kang rewa-rewa dadi rasule Sang Kristus.


Yen ana wong rumangsa apes, apa aku ora rumangsa melu apes? Yen ana wong kesandhung, apa atiku ora remuk dening sedhih?


Sabab anggonku nulis marang kowe iku ana ing satengahing kasusahan lan sumpeking ati kang banget lan kanthi ngruntuhake luh akeh, ora supaya kowe dadi sedhih, nanging supaya kowe padha sumurup sapira gedhene katresnanku marang kowe kabeh.


kang satemene dudu Injil; mung ana wong sawatara kang mbingungake kowe lan kang sumedya nginger-inger Injile Sang Kristus.


Nanging bareng aku ngreti tumindake iku ora cocog karo kayektene Injil, aku pitutur marang Kefas ana ing sangarepe wong kabeh: “Manawi panjenengan, tiyang Yahudi, gesang kadosdene tiyang ingkang boten tepang kaliyan Gusti Allah tuwin boten kados tiyang Yahudi, kadospundi dene panjenengan kok badhe meksa sadherek-sadherek ingkang boten tetak supados gesang kados tiyang Yahudi?”


Kula boten nampik sih-rahmatipun Gusti Allah. Awit saupami wonten kaleresan amargi saking angger-anggering Toret, sedanipun Sang Kristus punika tanpa gina.


drengki, mendem, jibar-jibur lan sapanunggalane. Tumrap sakabehe iku kowe dakelingake – kaya kang wus daktindakake biyen – manawa sapa kang nindakake bab-bab kang kaya mangkono iku, ora bakal oleh panduman Kratoning Gusti Allah.


Wong-wong kang cara lair seneng nonjolake awake dhewe, iya wong-wong iku kang padha mbudidaya bisaa meksa kowe supaya tetak, karepe mung supaya padha ora dikuya-kuya marga saka salibe Sang Kristus.


Dene aku ora pisan-pisan gelem gumunggung, kajaba ing bab salibe Gusti kita Yesus Kristus, sabab marga saka Panjenengane jagad wus disalib kanggo aku lan aku kanggo jagad.


Mula iki dakkandhakake lan dakcethakake marang kowe ana ing patunggilane Gusti, yaiku: Uripmu aja kaya lakuning wong-wong kang ora wanuh marang Gusti Allah maneh kang pangangen-angene tanpa guna


Lan saben aku ndongakake kowe kabeh, anggonku ndedonga tansah kalawan bungah.


apamaneh ing bab iki wong aja tumindak ora becik utawa ngapusi sadulure. Amarga Pangeran iku kang bakal malesake iku kabeh, kaya kang wus padha dakkandhakake lan daktandhesake marang kowe.


Iki dakkandhakake amarga aku padha krungu, yen ana wong kang uripe ora tumata lan ora nyambut-gawe, nanging mung tansah nindakake bab-bab kang ora ana paedahe.


luwih maneh wong kang padha nuruti hawa-nepsune marga kepencut ing jejember sarta ngremehake pangrehing Allah. Wong-wong iku padha kumawani sarta gumunggung, nganti tanpa rikuh pakewuh nyenyamah marang kaluhuran,


Prasasat ombaking sagara kang mawalikan, kang ngunthukake kanisthane dhewe, padha kaya lintang-lintang kang wus kacawisan panggonan ana ing jagading pepeteng langgeng salawase.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan