15 Awit saka iku ayo kita, kang padha sampurna iki duwea pamikir mangkono. Lan manawa tumrap ing salah sawijining prakara panemumu seje, Gusti Allah kang bakal nyethakake prakara iku marang kowe.
Ing kono bakal ana lurunge, kang bakal kaaranan Dalan Suci; wong kang najis ora bakal liwat ing kono sarta para wong gemblung ora bakal padha kluyuran mrono.
Dadi, yen kowe, sanadyan ala, padha mangreti ing bab paweweh kang becik marang anak-anakmu, apamaneh Ramamu kang ana ing swarga mesthi bakal maringi Roh Suci marang kang padha nyenyuwun.”
Ing kitabe para nabi ana tulisan mangkene: “Wong kabeh bakal kawulang dening Allah.” Mulane sok wonga kang wus ngrungokake sarta nampani piwulang saka Sang Rama, iku marani Aku.
Sanadyan mangkono aku padha nglairake kawasisan ana ing kalangane wong kang wus padha cakep, nanging dudu kawasisane jagad iki, lan dudu kawasisane para panguwasa ing jagad iki, yaiku panguwasa kang bakal sirna.
Ana ing Gusti aku yakin mungguh ing kowe, manawa kowe ora nduweni pikiran liya kajaba pikiran iki. Nanging sapa kang ngisruhake kowe, iku bakal nyangga paukumane, sanadyan sapa bae wong iku.
supaya Allahe Gusti kita Yesus Kristus, yaiku Sang Rama kang asipat mulya iku, karsa paring Rohing kawicaksanan lan wahyu marang kowe satemah kowe banjur wanuh marang Panjenengane kanthi sabenere.
Iya Panjenengane iku kang dakwartakake samangsa aku padha mituturi lan mulang saben wong bab sarupane kawruh kanggo nuntun saben wong marang kasampurnan kang ana ing Gusti Kristus,
Salam saka Epafras marang kowe, dheweke asline saka ing antaramu, iku abdine Gusti Kristus Yesus, kang tansah ngganter anggone ndongakake kowe, supaya kowe tetep tanggon, kayadene wong-wong kang diwasa lan kang yakin temenan marang apa kang dadi karsane Gusti Allah.
Balik sing sapa netepi pangandikane, iku kang sanyata kadunungan sihing Allah kang sampurna; iya iku margane anggon kita padha sumurup, yen kita padha dumunung ana ing Panjenengane.