3 sepi ing pamrih utawa pangalembana kang tanpa guna. Nanging kosokbaline kalawan andhap asor kang siji nganggepa marang sijine luwih utama tinimbang awake dhewe;
Aku pitutur marang kowe: Wong iki saundure mulih kaanggep sampurna, dene sijine mau ora. Awit sing sapa ngluhurake awake dhewe, bakal kaasorake, dene kang ngasorake awake dhewe, iku bakal kaluhurake.”
Payo kita padha lumaku kang patut, kang sembada kalawan raina, aja padha nguja memangan sarta endem-endeman, aja laku jina sarta ngumbar hawa-nepsu, aja tukar padu lan kumeren.
Marga kowe isih wujud manungsa kadagingan. Sabab, manawa ing antaramu tinemu rasa kemeren sarta pasulayan, apa iku ora dadi tandha-yekti, yen kowe kabeh iku manungsa kadagingan tuwin lakumu apa ora cara manungsa?
Awit aku sumelang, manawa besuk samasa aku teka, kowe ora padha tinemu kaya kang dakkarepake lan kowe ketemu aku oa kaya kang padha kokkarepake. Aku sumelang ing bab anane pasulayan, kamerenan, brangasan, mung mikir awake dhewe, pitenah, panyatur ala, kumenthus, lan rerusuh.
Mulane sarehne kowe wus padha dadi pepilihane Gusti Allah, kang wus kasucekake lan kinasihan, padha nyandhanga asih welas, kaloman, andhap-asor, alusing bebuden lan sabar.
iku wong kang kaya-kaya ngreti nanging lugune ora ngreti apa-apa, kepatuh dhemen golek-golek prakara lan bebantahan, kang njalari drengki, padu, pangala-ala, sujana,
Samono uga kowe, heh para wong anom, padha sumuyuda marang para wong tuwa, sarta siji lan sijine sing padha andhap-asor, amarga: “Gusti Allah nglawan marang wong kang kumalungkung, nanging paring sih-rahmat marang wong kang andhap-asor.”