Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




FILIPI 2:26 - Kitab Sutji

26 Awit banget kangene marang kowe kabeh lan uga prihatin marga kowe krungu anggone lara.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




FILIPI 2:26
23 Iomraidhean Croise  

Sang Prabu wus lilih dukane marang Pangeran Absalom, amarga sungkawane jalaran saka sedane Pangeran Amnon wus lipur.


Lan Sang Prabu munjuk marang Sang Yehuwah, nalika mirsa malaekat kang lagi ngrusak umat iku, mangkene: “Kawula sampun saestu damel dosa lan kalepatan, nanging menda-menda punika nglampahi punapa? Mugi asta Paduka nempuh dhateng kawula saha kulawarga kawula.”


Saupami kawula gadhah pangucap makaten: Daklalekake sesambatku, dakbuwange anggonku mbesengut, banjur dadi bungah maneh,


Paduka nupiksani cacad kawula, kawirangan kawula saha kanisthan kawula. Paduka boten kekilapan dhateng mengsah kawula.


Sumelanging ati ndadekake wungkuking wong, nanging pitembungan kang becik iku ndadekake senenge atine.


ngganjar marang wong-wong mau rerenggan sirah minangka gegentining awu, lenga-pesta minangka liruning bagor, kidung pangalembana minangka gegentining jiwa kang nglentrih, supaya wong-wong mau padha kaaranan “wit elah ing bab kabeneran”, “tanemaning Pangeran Yehuwah” kanggo ngatonake kaluhurane.


He, para wong kang kesayahan lan kamomotan, padha mrenea, Aku bakal gawe ayemmu.


Panjenengane banjur tindak, Petrus lan anake Zebedheus loro padha kadhawuhan ndherek. Gusti Yesus banjur wiwit kraos sungkawa lan giris.


Nanging Rasul Paulus maringi wangsulan mangkene: “Yagene kowe padha nangis lan gawe trenyuhing atiku? Amarga aku wis cumandhang, ora ngemungake dibanda bae, malah sanadyan nganti dipateni pisan ana ing Yerusalem marga saka asmane Gusti Yesus.”


Awit aku kapengin ketemu kowe, prelu ngwenehi ganjaran kasukman, murih undhaking kasantosanmu,


Wong kang bungah biyantonana bungahe, wong kang nangis biyantonana panangise.


manawa aku nandhang prihatin banget, lan tansah sedhih.


Mulane yen ana perangan siji kang lara, perangan liyane kabeh padha melu ngrasakake; manawa ana siji kang ingajenan, kabeh padha melu bungah.


Sarta maneh kowe iya padha didongakake lan dikangeni marga saka sih-rahmate Gusti Allah kang lumuber marang kowe.


Padha tulung-tinulungana ing bot-repot! Iya kaya mangkono iku anggonmu netepi ing angger-anggering Sang Kristus.


Mulane panjalukku marang kowe kabeh, aja nganti padha cilik atimu nyawang marang kasangsaranku marga saka kowe, awit kasangsaranku iku kamulyanmu.


Aku caos sokur marang Allahku saben-saben aku ngelingi marang kowe kabeh.


Awit Gusti Allah kang dadi seksiku, kaya apa kangenku marang kowe kabeh kalawan sih-katresnane Sang Kristus Yesus.


Mung bae dakkira prelu aku kongkonan Epafrodhitus marang kowe, yaiku sadulurku lan kanca nyambut-gawe sarta kancaku perang, kang kokkongkon nulungi aku ing bab kabutuhanku.


Pancen iya lara temenan nganti meh mati, nanging Gusti Allah paring kawelasan, lan ora mung dheweke bae, nanging uga aku, supaya kasusahanku aja tumpa-tumpa.


Awit saka iku sadulur-sadulurku kang daktresnani lan kang dakkangeni, kang dadi kabungahanku lan makuthaku, padha disantosa ana ing Gusti, he sadulur-sadulurku kang kinasih.


Jalaran saka iku padha bungah-bungaha, sanadyan ing wektu iki padha nandhang prihatin sawatara mangsa marga saka anane godha-rencana warna-warna.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan