22 Kowe rak wus padha ngreti bab kasetyane kang wus kateter lan manawa dheweke wus kaya anak marang bapakne anggone ngrewangi aku ing bab anggonku ngladeni Injil.
Dene samangsa Timoteus teka, padha ngaraha supaya anggone ana ing satengahmu iku aja nganggo sumelang, sabab dheweke nglakoni ayahane Gusti padha kaya aku.
Iya iku mulane aku banjur kongkonan Timoteus anakku kang kinasih lan kang setya ana ing Gusti, dakkon nemoni kowe. Iku kang bakal ngelingake kowe bab lakuku ana ing Sang Kristus Yesus, kaya kang dakwulangake ana ing ngendi-endi ing saben pasamuwan.
Karodene wong loro mau padha dakkantheni sadulur kita, kang wus dakteter lan kacihna anggone tansah mbudidaya mbiyantu, lan saiki saya banget anggone mbudidaya marga saka gedhening piandele marang kowe.
Anggonku mituturi mangkono iku ora ateges prentah, nanging mung marga saka anggonku kapengin neter kaeklasaning sih-katresnanmu kalawan nuduhake sakehing pambudidayane wong-wong kang padha aweh pambiyantu.
Pancen wus sapantese manawa aku duwe pangrasa mangkono tumraping kowe kabeh, awit kowe padha klebu ing atiku, amarga kowe kabeh padha oleh panduman ing sajroning sih-rahmat kang diparingake marang aku, iya nalikane aku dikunjara, iya nalikane mbelani sarta nyantosakake Injil.
Kawajiban iku dakpasrahake marang kowe, anakku Timoteus, cundhuk karo apa kang wus kawangsitake tumrap kowe, supaya marga saka kasantosakake dening wangsit iku, kowe banjur nglakoni perang kang utama kalawan ngantepi ing pracaya lan swaraning batin kang becik.
marang Timoteus, anakku kang sayekti ing sajroning pracaya: sih-palimirma, rahmat lan tentrem-rahayu saka Gusti Allah Sang Rama lan Gusti Kristus Yesus, Gusti kita anaa ing kowe.
Manawa sadulur-sadulur kita padha kokelingake marang bab-bab iku, kowe bakal dadi paladene Sang Kristus Yesus kang becik, kang kagulawenthah ing bab-bab lakuning pracaya kita sarta ing bab piwulang kang becik-becik kang wus kokleluri nganti saprene iki.
marang Titus, anakku kang satuhu awit saka tunggal pracaya: sih-rahmat lan tentrem-rahayu saka Gusti Allah Sang Rama lan Gusti Kristus Yesus, Pamarta kita, anaa ing kowe.