Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




FILIPI 2:21 - Kitab Sutji

21 sabab kabeh mburu kabutuhane dhewe dudu kabetahane Sang Kristus Yesus.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




FILIPI 2:21
19 Iomraidhean Croise  

Nanging ing taun kang kaping telulikur ing jamane Sang Prabu Yoas, para imam meksa durung ndandani karusakaning padaleman.


asu-asu kang srakah, kang ora tau krasa wareg. Mangka iya wong-wong iku kang padha dadi pangon, kang padha ora bisa neniteni! Padha lumaku ing dalane dhewe-dhewe kabeh, siji-sijine padha mburu kauntungan, ora ana kang ora mangkono.


Upama anaa salah sijine panunggalanira kang gelem ngancing lawang, supaya aja nganti sira nyumed geni ana ing misbyahingSun tanpa guna. Sira ora padha ndadekake keparenging galihingSun – mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah Gustine sarwa dumadi, – sarta pisungsung kang saka ing tanganira Ingsun ora karsa nampeni.


Gusti Yesus banjur ngandika marang para sakabat: “Manawa ana wong kang arep ngetut-buri Aku, iku kudu nyingkur awake dhewe sarta manggula salibe lan melua Aku.


“Manawa ana wong kang sowan ing ngarsaKu, mangka ora sengit marang bapakne, ibune, bojone, anak-anake, sadulur-sadulure lanang utawa wadon, malah nyawane dhewe pisan, iku ora bisa dadi siswaKu.


Rasul Paulus sakanthine banjur tindak saka ing Pafos lan layar menyang ing kutha Perga ing tanah Pamfilia. Nanging Yokanan tumuli pamitan lan bali menyang ing Yerusalem.


Nanging Rasul Paulus pratela kalawan kenceng, ora prayoga yen ta ngajak wong kang wus ninggal lunga ana ing kutha Pamfilia lan ora gelem diajak nyambut gawe bebarengan.


Aja nganti ana wong kang mung golek untunge dhewe, nanging saben wong ngaraha untunging liyan.


Dikaya aku iki iya ngarah nglegakake atine wong kabeh ing bab apa bae, ora kanggo kapreluanku dhewe, nanging kanggo kabutuhane wong akeh, supaya padha nemua karahayon.


Katresnan iku ora saru polahe lan ora golek kepenake awake dhewe. Katresnan iku ora gampang nepsu lan ora nyimpen kaluputaning liyan.


Sabab kaya anggonku padha nampani panduman ing sangsarane Sang Kristus kalawan luber, samono uga marga saka Sang Kristus aku padha kaparingan panglipur nganti luber.


lan saben wong aja mung mikir marang kabutuhane dhewe, nanging elinga uga marang kabutuhaning liyan.


Kowe wis sumurup, manawa wong-wong ing tlatah Asia-Cilik iku padha nyingkur marang aku; kalebu Figelus lan Hermogenes.


Wong bakal padha mung mikir marang awake dhewe lan karem bandha. Bakal padha gumunggung, lan mamerake dhiri pribadi, bakal dadi tukang mitenah, bakal wani karo wong tuwa sarta ora duwe panarima, ora mreduli marang agama,


awit Demas wis rumaket marang donya iki lan ninggal aku. Dheweke wis mangkat menyang Tesalonika. Kreskes wis lunga menyang Galati lan Titus menyang Dhalmatia.


Nalika aku ngunjukake panjawab kang kawitan, ora ana wong siji-sijia kang mbiyantu aku, kabeh padha ninggal aku – iku muga aja ditempuhake marang wong-wong mau –


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan