Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




FILIPI 2:2 - Kitab Sutji

2 mulane padha ngganepana kabungahanku kalawan mangkene: dipadha sarujuk, tunggal katresnan, tunggal budi, tungal sedya,

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




FILIPI 2:2
28 Iomraidhean Croise  

Marga saka para sadulurku lan para mitraku, aku dakngucapake: “Tentrem rayahu anaa ing kowe.”


Kang nduweni panganten wadon iku panganten lanang, dene mitrane panganten lanang kang ngadeg ing sacedhake lan nilingake, iku bungah banget ngrungokake swarane panganten lanang iku. Iya iku kabungahanku lan kang kaya mangkono iku saiki wus katutugan.


Kabeh padha saiyeg anggone mempeng ing pandonga, bebarengan karo wanita sawatara sarta ibu Maryam, kang ibune Gusti Yesus, tuwin para sadhereke Gusti Yesus.


Bareng ing dina riyaya Pentekosta, kabeh wong padha nglumpuk.


Sadina-dina tansah padha nglumpuk ana ing Padaleman Suci kalawan tegen sarta saiyeg. Padha nyuwil-nyuwil roti ana ing omahe giliran, padha mangan bebarengan kalawan bungah lan ati kang tulus,


Anadene para rasul padha nganakake pratandha lan mukjijat akeh ana ing antarane wong akeh. Kabeh wong kang padha pracaya tansah padha nglumpuk ana ing Bangsal Suleman ing sajrone patunggalan kang raket.


Ditunggal ati ing sajroning pitepungan; aja ngarah marang kang dhuwur-dhuwur, nanging padha ngudia marang kang prasaja. Aja kuminter!


Ewadene kowe padha dakpituturi, para sadulur, marga saka Asmane Gusti kita Yesus Kristus, kowe kabeh dipadha saiyeg sarta aja nganti ana pasulayan ing antaramu; nanging kowe padha raket-rukuna, tunggal budi sarta tunggal pangrasa.


Wasana, para sadulurku, padha bungaha, udinen supaya awakmu sampurna. Tampanana sakehing pituturku. Padha disarujuk, lan padha olaha atut-rukun, temahan Gusti Allah etuking sih katresnan lan tentrem-rahayu bakal nunggil karo kowe!


Lan yaiku karepe layangku iki, yaiku supaya manawa aku teka, aja nganti aku sedhih marga saka wong-wong, kang kudune padha gawe bungahku. Sabab aku yakin ing bab kowe kabeh, manawa kabungahanku iku iya kabungahanmu uga.


Ora marga saka tekane bae, nanging uga marga saka panglipur kang dialami ana ing tengah-tengahmu. Awit dheweke wus nyritakake marang aku mungguhing kangenmu, panggresahmu, katemenanmu anggonmu mbelani aku, temahan saya wuwuh kabungahanku.


Lan saben aku ndongakake kowe kabeh, anggonku ndedonga tansah kalawan bungah.


kanthi ngandhemi sabdaning urip, supaya aku bisa mongkog ing dinane Sang Kristus, dene ora nglaha anggonku mbalap sarta ora nglaha anggonku kangelan.


Awit aku ora duwe wong liyane maneh kang tunggal budi lan tunggal pangangen-angen lan kang temen-temen nggatekake kabutuhanmu;


Euodhia dakpituturi lan Sintikhe iya dakpituturi, dipadha golong-gilig ana ing Gusti.


Sabab sanadyan aku dhewe ora ana ing tengahmu, nanging ana ing sajroning roh aku lan kowe padha tetunggalan, lan aku rumangsa bungah nyumurupi tumataning uripmu lan kasantosaning pracayamu marang Gusti Yesus.


Nanging aku kudu padha saos sokur marang Gusti Allah marga saka kowe kabeh, para sadulur, kang kinasihan ing Pangeran, amarga Gusti Allah wiwit sakawit wis milih kowe kabeh supaya slamet ana ing sajroning Roh, kang nucekake kowe lan ana ing sajroning kayekten kang wis padha kokandhemi.


Lan manawa aku kelingan marang anggonmu ngruntuhake luh, aku banjur kapengin ndeleng kowe maneh, supaya aku kapenuhana ing kabungahan.


He, sadulurku, muga kowe migunanana tumrap aku ana ing Gusti. Lipuren atiku ana ing Gusti Kristus.


Banget bungahing atiku dene aku nyumurupi, manawa saparoning anak-anakmu padha urip ana ing sajroning kayekten, cocog karo pepakon kang wus kita tampani saka Sang Rama.


Tumrape aku ora ana kabungahan kang gedhene ngluwihi anggonku krungu, manawa anak-anakku padha urip ana ing kayekten.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan