Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




FILIPI 2:19 - Kitab Sutji

19 Nanging ana ing sajroning Gusti Yesus aku kapengin endang bisaa kongkonan Timoteus nemoni kowe, supaya ayem atiku manawa wis krungu bab kaananmu.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




FILIPI 2:19
22 Iomraidhean Croise  

Mangkene pangandikane Sang Yehuwah: “Kenaa ing ipat-ipat wong kang ngandelake marang manungsa lan karosane dhewe, sarta kang atine ngadoh saka Sang Yehuwah!


Apadene iya Panjenengane iku kang dadi pangarep-areping bangsa-bangsa.”


Rasul Paulus uga rawuh ing kutha Derbe lan Listra. Ing kono ana sawijining siswa jenenge Timoteus, embokne wong Yahudi kang wus manjing pracaya, dene bapakne wong Yunani.


Sarta sabanjure pangandikane Nabi Yesaya, “Bakal ana sogol thukul saka tunggake Isai, kang bakal jumeneng ngereh para bangsa, sarta iya Panjenengane iku kang bakal dadi pangarep-arepe para bangsa.”


Salam marang kowe kabeh saka Timoteus, kancaku tunggal ayahan, lan saka Lukius, Yason apadene Sosipater, para kancaku tunggal bangsa. (


Iya iku mulane aku banjur kongkonan Timoteus anakku kang kinasih lan kang setya ana ing Gusti, dakkon nemoni kowe. Iku kang bakal ngelingake kowe bab lakuku ana ing Sang Kristus Yesus, kaya kang dakwulangake ana ing ngendi-endi ing saben pasamuwan.


Ana ing Panjenengane kowe kabeh, – awit kowe wus padha ngrungokake pangandikaning kayekten, yaiku Injiling karahayon – iya ana ing Panjenengane kowe kabeh sawuse pracaya, uga padha kaecap ing Roh Suci kang kaprasetyakake iku.


Saka Paulus lan Timoteus abdi-abdine Sang Kristus Yesus marang sakehing para suci ana ing sajroning Sang Kristus Yesus kang ana ing kutha Filipi lan para juru pamomong sarta para juru pamulasara.


Lan kowe iya padha bungaha mangkono, lan bungaha bebarengan karo aku.


Yaiku sababe aku sangsaya enggal-enggal kongkonan dheweke, supaya samangsa kowe ndeleng dheweke, padha bisa bungah maneh lan sudaa prihatinku.


Aku banjur padha kongkonan Timoteus, sadulur kang mbiyantu aku kabeh anggonku padha nyambut-gawe kagem Gusti ing bab martakake Injile Sang Kristus, supaya nyantosakake atimu lan mituturi kowe kabeh ing bab pracayamu,


Iya iku sababe, mulane marga saka ora bisa betah maneh, aku nuli padha kongkonan dheweke, supaya aku padha sumurup bab pracayamu, jalaran aku kuwatir, manawa kowe wis padha cinoba dening si panggodha sarta manawa pambudi-dayaku kabeh banjur dadi tanpa guna.


Aku padha kawajiban tansah saos sokur marang Allah marga saka kowe kabeh, para sadulur. Lan pancen kudune mangkono, awit pracayamu saya mundhak-mundhak lan anggonmu padha tresna-tinresnan saya banget


Iya iku kang njalari aku nandhang sangsara iki kabeh, nanging aku ora isin, sabab aku sumurup sapa kang dakandelake sarta aku yakin, yen Panjenengane iku kuwaos rumeksa marang apa kang wis dipitayakake marang aku nganti tumeka ing Dinaning Pangeran.


Sabenere kowe kudu ngucap mangkene: “Manawa Pangeran marengake, aku bakal kasambungan umur sarta bakal nglakoni mangkene utawa mangkono.”


Marga saka Panjenengane, kowe padha pracaya marang Gusti Allah, yaiku kang wis mungokake Panjenengane saka ing antarane wong mati sarta kang wis maringi kaluhuran marang Panjenengane, temahan pracayamu lan pangarep-arepmu tumuju marang Gusti Allah.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan