18 Lan kowe iya padha bungaha mangkono, lan bungaha bebarengan karo aku.
Mulane panjalukku marang kowe kabeh, aja nganti padha cilik atimu nyawang marang kasangsaranku marga saka kowe, awit kasangsaranku iku kamulyanmu.
Nanging sanadyan getihku kawutahake ana ing kurban lan pangibadahing pracayamu, aku bungah, lan aku bungah bebarengan karo kowe kabeh.
Nanging ana ing sajroning Gusti Yesus aku kapengin endang bisaa kongkonan Timoteus nemoni kowe, supaya ayem atiku manawa wis krungu bab kaananmu.
Padha tansah bungah-bungaha ing sajroning Gusti! Dakpindhoni maneh pituturku: Padha bungah-bungaha!