Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




FILIPI 2:16 - Kitab Sutji

16 kanthi ngandhemi sabdaning urip, supaya aku bisa mongkog ing dinane Sang Kristus, dene ora nglaha anggonku mbalap sarta ora nglaha anggonku kangelan.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




FILIPI 2:16
24 Iomraidhean Croise  

dhuh Allah kawula, kawula remen nglampahi karsa Paduka; sarta angger-angger Paduka wonten ing batos kawula.”


Dhuh Allah, wiwit alit mila kawula sampun Paduka wulang, lan ngantos dumugi sapunika kawula tansah nggelaraken pakaryan Paduka ingkang ngedab-edabi;


Ewadene unjukingSun: “Anggen kawula kangelan punika tanpa damel, tuwin tanpa wusana saha tanpa gina anggen kawula ngesokaken kakiyatan kawula; nanging wewenang kawula punika wonten ing Pangeran Yehuwah sarta pituwas kawula punika wonten ing Allah kawula.”


Apa kang Dakpituturake ana ing petengan, iku kandhakna ana ing padhangan; lan apa kang kokrungokake kanthi bisik-bisik, iku padha wartakna saka ing payon-payon.


Aku pitutur ing kowe: Saben wong kang ngakoni Aku ana ing sangareping wong, iku iya bakal diakoni dening Putraning Manungsa ana ing ngareping para malaekating Allah.


Roh iku kang nguripake, daging iku ora ana paedahe. Tembung kang Daktuturake marang kowe iku roh lan urip.


Atur wangsulane Simon Petrus: “Gusti, ingkang kawula purugi sinten? Pangandika Paduka punika pangandikaning gesang langgeng.


Nuwun, para sadherek trahipun Rama Abraham, saha para ingkang sami ngabekti ing Allah, kabar kawilujengan punika sampun kaparingaken dhateng kita.


Panjenengane iya bakal nyantosakake kowe nganti tumeka ing wekasan, temah kowe padha tanpa cacad besuk ing dinane Gusti kita Yesus Kristus.


Mulane anggonku lumayu iku ora tanpa tujuan, lan aku dudu jago jotos kang mung waton njotos bae.


kayadene anggonmu wis padha mangreti sawatara saka aku, yaiku yen kowe bakal ngegung-egungake aku, kayadene anggonku iya bakal padha ngegung-egungake kowe besuk, in dinane Gusti Yesus.


Anggonku mrana mau awit saka kaparingan wangsit. Lan sadulur-sadulur ing kono padha dakkandhani bab Injil kang dakwartakake ana ing antarane para bangsa kang dudu bangsa Yahudi – sajroning rerembugan dhewekan karo para kang kajen keringan –, supaya aja nganti tanpa gawe anggonku mbudi-daya lan wus mbudi-daya iku.


Aku kuwatir yen kangelanku kanggo kowe iku tanpa tuwas.


satemah kowe padha bisa milih apa kang becik, supaya kowe padha dadia resik lan ora cacad ngarepake dinane Sang Kristus,


Tumraping iku aku yakin banget, manawa Panjenengane, kang miwiti pakaryan becik ana ing antaramu, iku bakal mbacutake nganti tumeka ing wekasane ing dinane Sang Kristus Yesus.


Sabab sapa ta yen dudu kowe kang dadi dununging pangarep-arep lan kabungahanku kabeh, apadene makutha kang padha dakagungake ana ing ngarsane Gusti Yesus, Gusti kita, besuk ing dina rawuhe?


Iya iku sababe, mulane marga saka ora bisa betah maneh, aku nuli padha kongkonan dheweke, supaya aku padha sumurup bab pracayamu, jalaran aku kuwatir, manawa kowe wis padha cinoba dening si panggodha sarta manawa pambudi-dayaku kabeh banjur dadi tanpa guna.


Sabab pangandikane Gusti Allah iku gesang lan santosa sarta luwih landhep tinimbang sakabehing pedhang kang landhep kiwa-tengen. Tumamane bebles nganti misahake nyawa lan roh, ros-rosan-ros-rosan lan sungsum; bisa mbedakake panimbang lan pangangen-angening ati kita.


Jalaran kowe wus padha kalairake maneh ora saka wiji kang bisa sirna, nanging kang langgeng, dening pangandikaning Allah kang gesang lan kang langgeng.


Kang wus ana ing wiwitan mula, kang wus padha dakrungu, kang wus padha dakdeleng kalawan mripatku, kang wus dakwaspadakake, iya kang wus dakgrayang kalawan tanganku bab ing ngatase Sabdaning kauripan, yaiku kang dakwartakake marang kowe!


Apadene Sang Roh lan panganten putri padha nyebut: “Paduka mugi rawuh!” Lan sapa kang krungu, iku munjuka: “Paduka mugi rawuh!” Lan sapa kang ngelak, majua lan sapa kang arep, njupuka banyu panguripan kalawan lelahanan.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan