Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




FILIPI 2:14 - Kitab Sutji

14 Lakonana samubarang kabeh kalawan tanpa panggrundel lan suwala,

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




FILIPI 2:14
36 Iomraidhean Croise  

malah padha pating kedumel ana ing kemahe, lan ora ngrungokake marang swantene Pangeran Yehuwah,


Ambek kumingsun iku mung marakake grejegan, nanging wong kang ngrungokake pitutur kadunungan kawicaksanan.


“Nganti pira lawase umat kang ala iku anggone bakal padha nggrundeli marang Ingsun? Ingsun wus miyarsa panggrundele wong Israel kang katujokake marang Ingsun,


Nalika padha nampani opahe, padha ngumel-umeli kang duwe pakebonan.


Sabab saupama diedola, mesthi payu luwih saka telung atus dinar, kena didanakake marang wong miskin.” Wong wadon mau banjur disrengeni.


Bareng wis padha bali ing panggonane para sakabat liyane, padha ndeleng wong akeh padha ngrubung sakabat-sakabat mau lan ahli Toret sawatara, kang padha diya-diniya karo sakabat-sakabat iku.


Para wong Farisi lan ahli Toret padha grundelan karo para sakabate Gusti Yesus, tembunge: “Yagena kowe padha mangan lan ngombe awor karo juru-mupu-beya lan wong dosa?”


Nanging Rasul Paulus lan Barnabas banget anggone padha suwala lan mbantah panemune wong-wong mau. Wekasane pasamuwan banjur mutus, Rasul Paulus lan Barnabas sarta warga pasamuwan liyane sawatara kautus menyang ing Yerusalem nemoni para rasul lan para pinituwa, prelu ngrembug bab mau.


Bab iki ndadekake dredahe sakarone, temahan padha pepisahan. Barnabas ngajak Markus lan banjur layar menyang Siprus.


Bareng wis sawatara suwe anggone padha bebantahan, Rasul Petrus banjur jumeneng sarta ngandika: “Para sadherek, panjenengan sadaya sampun sami nguningani, bilih sampun wiwit kala rumiyin mila kula kapiji dening Gusti Allah saking ing antawis kita, supados lumantar lesan kula bangsa-bangsa sanes sami mireng pawartos bab Injil satemah lajeng sami manjing pracaya.


Ing nalika iku, bareng cacahe para siswa saya wuwuh, tumuli thukul pangumel-umel ing antarane wong-wong Yahudi kang basane Yunani marang wong-wong Ibrani, amarga anggone nyadhongi para randhane ing paladen saben dinane kalirwakake.


Sabisa-bisa yen pancen gumantung marang kowe, andona rukun karo wong kabeh.


Wong kang ringkih pracayane iku tampanana, lan aja ngrembug panemune.


Nanging padha dakpituturi, para sadulur, padha diwaspada marang para wong kang padha nyulayani ing piwulang kang wus koktampani, kang nuwuhake cecongkrahan lan panggodha. Singkirana wong-wong kaya mangkono iku mau.


Sarta aja padha grundelan kaya sawenehing panunggalane, satemah padha ditumpes dening malaekating pati.


Awit aku sumelang, manawa besuk samasa aku teka, kowe ora padha tinemu kaya kang dakkarepake lan kowe ketemu aku oa kaya kang padha kokkarepake. Aku sumelang ing bab anane pasulayan, kamerenan, brangasan, mung mikir awake dhewe, pitenah, panyatur ala, kumenthus, lan rerusuh.


Dene manawa kowe padha kerah-kerahan lan padha mangsa-minangsa, padha diawas, aja nganti kowe tumpes-tinumpes.


lan kita aja mendem drajat, aja padha tantang-tantangan, sarta aja jejailan.


sepi ing pamrih utawa pangalembana kang tanpa guna. Nanging kosokbaline kalawan andhap asor kang siji nganggepa marang sijine luwih utama tinimbang awake dhewe;


iku padha ajenana kang banget kalawan katresnan marga saka pagaweane. Tansah padha rukuna.


Eling-elingen, aja nganti ana wong kang males ala marang wong kang gawe piala, nanging tansah padha ngudia marang kabecikan, iya tumrap para sadulur, iya tumrap wong kabeh.


Padha ngudia rukun karo sakabehing wong, sarta ngaraha marang kasucen; jalaran tanpa kasucen siji bae ora ana kang bakal ndeleng Gusti Allah.


jalaran nepsune manungsa iku ora ndadekake kang bener ana ing ngarsane Allah.


Manawa sajroning atimu kowe padha nduweni rasa meri sarta mung mikir marang awakmu dhewe, kowe aja padha gumunggung sarta aja goroh nyulayani kayekten!


He para sadulur, kowe aja padha nggresah lan dakwa-dinakwa, supaya kowe aja nganti diadili. Sajatine Sang Hakim wis jumeneng ing ngarep lawang.


Wong iku nyingkirana piala sarta nglakonana kabecikan; wong iku kudu ngupaya katentreman sarta ngudi supaya bisa kagayuh.


Sing padha seneng pondhok-pinondhokan ora nganggo nggrundel.


Iku wong kang padha grundelan lan ora nrima ing pepesthen, urip nuruti hawa-nepsu, nanging cangkeme padha ngucapake tembung-tembung kang ngayawara, ngonggrong wong, supaya oleh kauntungan.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan