Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




FILIPI 2:13 - Kitab Sutji

13 awit iya Gusti Allah kang manut sakeparenge, nuwuhake iya kekarepan, iya panggawe ana ing kowe.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




FILIPI 2:13
39 Iomraidhean Croise  

nanging ati kita muga kagendenga marang ing Panjenengane, supaya laku kita metu ing sakehing dalan kang wus katedahake lan supaya kita lestari nindakake sakehe dhawuhe tuwin katetepane sarta pranatane kang kadhawuhake marang leluhur kita.


Ana ing Yehuda pranyata manawa astane Gusti Allah nggemblengake atine wong-wong anggone padha nglakoni dhawuhe Sang Prabu sarta para panggedhe, cundhuk karo pangandikaning Yehuwah.


Nalika taun kapisan jumenenge Prabu Koresy, ratu ing nagara Persia, supaya katetepana pangandika kang kalairake dening Nabi Yeremia, Sang Yehuwah ngosikake panggalihe Sang Prabu Koresy, ratu ing Persia mau, temahan panjenengane nuli ngundhangake ing saindenging karajane Prabu Koresy kalawan lesan lan katulis:


Ing kono para panggedhene darah yehuda lan Benyamin sarta para imam lan para wong Lewi, yaiku saben wong kang katetangi krekating atine dening Gusti Allah, supaya mangkat, banjur padha budhalan, arep mbangun padalemane Sang Yehuwah kang akedhaton ana ing Yerusalem.


Pinujia Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe para leluhur kita, kang kanthi mangkono wus karsa ngebahake panggalihe Sang Prabu, satemah panjenengane banjur damel edi endahe padalemane Sang Yehuwah kang ana ing Yerusalem,


Pangandikane Sang Prabu marang aku: “Yen mangkono apa kang dadi panyuwunira?” Ing kono aku ndedonga marang Gusti Allahe saindenging langit,


Kabeh iki nyata-nyata pakaryaning Allah kang ping pindho, ping telu tumanduk marang manungsa,


Ing dinten nglempaking wadya-bala Paduka umat kagungan Paduka kaliyan legawa badhe majeng kanthi rinengga ing kasucen; saking guwa-garbaning bangbang wetan kaaneman Paduka medal kados ebun.


Manah kawula mugi Paduka adhepaken dhateng dhawuh pepenget Paduka, sampun ngantos dhateng pangoyaking bebathen.


Manah kawula mugi sampun Paduka eneraken dhateng piawon, supados sampun ngantos nindakaken pandamel ingkang duraka, sesarengan kaliyan tiyang ingkang nglampahi piawon, sarta kawula sampun ngantos ngraosaken tetedhanipun ingkang eca-eca.


Panggalihe ratu iku kaya ilen-ilen banyu ing astane Pangeran Yehuwah, diilekake manut ing sakarsane piyambak.


Dhuh Yehuwah, kawula sami Paduka cawisi tentrem rahayu, amargi samubarang ingkang kawula lampahi, sadaya sami Paduka tindakaken kangge kawula sadaya.


Nanging prajanjian kang bakal Sundamel karo wong Israel, sawuse wektu iku, – mangkono pangandikane Sang Yehuwah – iku mangkene: ToretingSun bakal Sunparingake ana ing batine, sarta Sunserat ana ing atine; Ingsun banjur bakal jumeneng dadi Allahe lan wong-wong iku bakal padha dadi umatingSun.


Para wong iku padha dadi umatingSun lan Ingsun jumeneng dadi Gusti Allahe.


Aja padha wedi, heh pepanthan cilik! Amarga Ramamu wis kepareng maringake Kraton iku marang kowe.


“Kamulyakna Gusti Allah kang ana ing ngaluhur lan tentrem-rahayu anaa ing bumi, ing antarane manungsa kang dadi renaning panggalihe.”


Nabi Yokanan mangsuli; pangandikane: “Wong ora bisa ndhaku apa-apa manawa ora kapringan saka ing swarga.


Ing kitabe para nabi ana tulisan mangkene: “Wong kabeh bakal kawulang dening Allah.” Mulane sok wonga kang wus ngrungokake sarta nampani piwulang saka Sang Rama, iku marani Aku.


Panjenengane banjur ngandika: “Mulane kowe wus padha Dakwarah mangkene: Ora ana wong kang bisa marani Aku kajaba manawa wus kaparingan wewenang saka Sang Rama.”


Astaning Pangeran nunggil karo wong-wong mau, satemah akeh wong kang manjing pracaya sarta padha mratobat marang Gusti.


Adhedhasar sih-rahmat kang kaparingake marang aku, aku pitutur marang saben wong ing antaramu: Kowe aja nganti mikir prakara-prakara kang ngluwihi kang prayoga kokpikir, nanging anggonmu mikir kudu kanthi duga-prayoga, satemah kowe padha bisa ngereh badanmu miturut ukuraning pracaya, kang kaparingake dening Gusti Allah marang kowe dhewe-dhewe.


Sabab nalika bayi-bayi mau durung padha lair, lan durung nglakoni panggawe becik utawa ala, – supaya rancangane Gusti Allah bab pamilihe tetepa, ora adhedhasar ayahan nanging adhedhasar timbalane, –


Dadi bab iku ora gumantung marang kareping wong utawa reka-dayaning wong, nanging gumantung marang sih-kamirahane Gusti Allah.


Apadene kang katindakake iku maneka warna, nanging Gusti Allah mung siji kang nindakake samubarang ana ing wong kabeh.


Nanging marga saka sih-rahmate Gusti Allah, aku dadi kaya ing sadadiku saiki iki, lan sih-rahmat kang kaparingake marang aku iku ora muspra. Sabab, aku wus nglakoni pagawean luwih akeh katimbang karo kancaku kabeh; mung bae dudu aku, nanging sih-rahmate Gusti Allah kang nunggil kalawan aku.


Manawa aku dhewe ora bisa nganggep apa-apa iku pagaweanku dhewe; ora, anggonku bisa nindakake apa-apa iku marga saka pakaryaning Allah.


Daktembungake “ing Sang Kristus”, awit iya ana ing Panjenengane iku aku kabeh padha oleh panduman kang dijanjekake – aku kang saka wiwitan padha katemtokake tampa panduman iku cundhuk karo karsaning Allah, kang ing samubarang kabeh makarya manut putusaning karsane –


Marga saka sih-mirmane saka ing wiwitan mula Panjenengane wus kepareng netepake kita kaangkat dadi para putrane marga saka Gusti Yesus Kristus, ing sakeparenge karsane,


Marga Panjenengane wus medharake wewadining karsane marang kita, manut karo rancangan-palimirmane, yaiku rancangan-palimirma kang wiwit sakawit wus ditetepake ana ing Sang Kristus,


Sabab anggonmu padha kapitulungan rahayu iku saka sih-rahmat marga pracaya; lan iku dudu wohing pambudidayamu, nanging peparinge Gusti Allah,


Awit saka iku aku kabeh tansah padha ndedonga, uga kanggo kowe kabeh, supaya Allah kita karsa nganggep marang kowe sembada tumrap ing timbalane lan kalawan panguwaose karsaa nyampurnakake sedyamu arep nindakake kabecikan sarta karsaa nyampurnakake sakehe panggawening pracayamu,


kang paring karahayon marang kita lan nimbali kita kalawan timbalan kang suci, ora adhedhasar panggawe kita, nanging adhedhasar karsa lan sih-rahmate piyambak, kang wus kaparingake marang kita ing sajroning Sang Kristus Yesus ing sadurunge purwaning jaman.


muga-muga mirantenana kowe kalawan samubarang kabeh kang becik kanggo nindakake karsane, sarta nindakake ana ing antara kita apa sakeparenge, dening Gusti Yesus Kristus. Panjenengane iku kang sayogya kamulyakake nganti salawas-lawase! Amin.


Pinujia Gusti Allah iya Ramane Gusti kita Yesus Kristus, kang marga saka gunging sih-palimirmane wis nglairake kita maneh tumuju marang urip kang kebak ing pangarep-arep lumantar wungune Gusti Yesus Kristus saka ing antarane wong mati,


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan