Masmur anggitane Prabu Dawud. Pangandikanipun Pangeran Yehuwah dhateng Gusti kawula makaten: “Sira lenggaha ana ing tengeningSun, nganti tumeka mungsuhira wus padha Sundadekake ancik-anciking tlapakanira.”
kang wus ngluwari aku saka mungsuhku. Paduka malah sampun ngluhuraken kawula ngungkuli para tiyang ingkang nglawan kawula; kawula Paduka luwari saking tiyang ingkang ambek siya.
Ing jaman jumenenge raja iku Yehuda bakal linuwaran lan Israel bakal tentrem uripe; dene jeneng kang diwenehake dening wong marang dheweke: Sang Yehuwah kaadilan kita.
Suprandene akeh uga para panggedhe kang padha pracaya marang Gusti Yesus, nanging marga saka para wong Farisi, pracayane mau ora kanthi blak-blakan, supaya aja nganti disebratake.
Gusti Yesus mangsuli, pangandikane: “Manawa ana wong kang tresna marang Aku, iku bakal netepi ing pituturKu sarta bakal dikasihi dening RamaKu lan Aku karo Sang Rama bakal padha ngrawuhi sarta makuwon ana ing wong iku.
Kaya mangkono mau pangandikane Gusti Yesus. Panjenengane banjur tumenga marang langit sarta matur: “Dhuh Rama, sampun dumugi ing wancinipun; mugi Putra Paduka kaluhurna, supados Putra Paduka ngluhuraken Paduka.
supaya kabeh wong padha ngurmatana marang Sang Putra kayadene anggone ngurmati marang Sang Rama. Sing sapa ora ngurmati marang Sang Putra, iku uga ora ngurmati marang Sang Rama kang ngutus Panjenengane.
Ature wong tuwane kang kaya mangkono iku awit padha wedi marang wong Yahudi, marga wong Yahudi wus padha sarujuk, samasa ana wong kang ngakoni Panjenengane iku Sang Kristus, bakal disebratake.
Pangandika ingkang supados kadhawuhaken dhateng tiyang-tiyang Israel, inggih punika pangandika ingkang martosaken bab tentrem-rahayu dening Gusti Yesus Kristus ingkang jumeneng dados Gustinipun sadaya tiyang.
Awit saking punika rakyat Israel sadaya kedah mangretos kalayan saestu, bilih Gusti Allah sampun njumenengaken Gusti Yesus ingkang panjenengan salib punika, dados Gusti lan Kristus.”
Awit ana tulisan, wiraose: “Demi gesangingSun, mangkono pangandikaning Pangeran, kabeh dhengkul bakal padha sujud ana ing ngarsaningSun, sarta sakehe ilat bakal ngluhurake Gusti Allah.”
sarta supaya para bangsa padha bisa ngluhurake Gusti Allah, awit saka sih-palimirmane, kaya kang katulisan, wiraose: “Mila kawula badhe ngluhuraken Paduka, wonten ing satengahing para bangsa, saha memuji Asma Paduka kanthi pangidung masmur.”
Mulane kowe padha daksumurupake, yen ora ana wong kang calathune marga saka Rohe Gusti Allah kok bakal kandha: “Yesus kena ing ipat-ipat!” lan uga ora ana wong kang bisa ngakoni: “Yesus iku Gusti,” yen ora marga dening Sang Roh Suci.
nanging mungguh ing kita mung ana Gusti Allah siji, yaiku Sang Rama, kang dadi etuking samubarang kabeh, lan kita padha urip lumados marang Panjenengane, sarta Gusti iya mung siji, yaitu Gusti Yesus Kristus, kang njalari anane samubarang lan kang njalari kita padha urip.
Marga saka Panjenengane, kowe padha pracaya marang Gusti Allah, yaiku kang wis mungokake Panjenengane saka ing antarane wong mati sarta kang wis maringi kaluhuran marang Panjenengane, temahan pracayamu lan pangarep-arepmu tumuju marang Gusti Allah.
Anggonmu padha niteni Roh Allah iku titikane mangkene: Sadhengah roh kang ngakoni manawa Gusti Yesus Kristus wus rawuh dadi manungsa, iku asale saka ing Allah.
Awit wus akeh juru panasaran kang padha jumedhul lan ndlajahi jagad kabeh, kang ora ngakoni manawa Gusti Yesus wus rawuh dadi manungsa. Iku si juru panasaran lan Anti-Kristus.
Sing sapa unggul, iku bakal dienggoni sandhangan putih kaya mangkono; lan jenenge mesthi bakal ora Sunbirat saka ing buku kauripan, sarta jenenge bakal Sunakeni ana ing ngarsane RamaningSun lan ing ngarepe para malaekate.